pencemaran nama baik, kowe bisa dilaporke bali Mbak.
329. PAK RT : Mbesok meneh yen ora reti ora waton ngomong.
330. NING : Iya Mbak Das. Sing ora isa dipercaya iku lambemu
331. MBOK RUS : Uwis… uwis… Ora apa-apa, ora ana manungsa kang sampurna.
332. PAK DUKUH : Saiki Mbak Das njaluk ngapura marang Mbok Rus
333. DASILAH : Ora butuh!
334. PAK DUKUH : Kowe kudu njaluk ngapura! Apa kowe tak laporke?
ADEGAN XIX
USMAN LAN RATMI TEKA NGGAWA IJAZAH
335. USMAN : Lah… eneng apa pak dukuh? Kengeng menapa kok Simbok nangis?
336. MBOK RUS : Ora le. Ora apa-apa
337. USMAN : Sapa kang wis gawe tangise Simbok?
338. PAK DUKUH : Uwis Man, iki mung salah tampa.
339. RATMI : Ana apa Mbok?
340. MBOK RUS : Ora apa-apa.
341. USMAN : Mbok, menapa simbok mboten nate crita marang Usman yen kahanane bisa nganti mekaten?
342. MBOK RUS : Ora le, Simbok ora arep nambah-nambahi pikiranmu.
343. USMAN : Sapa sing uwis gawe tangise Simbokku?
344. NING : Mbak Das, Kangmas.
345. USMAN : Mbak, aja ngira yen aku bocah cilik banjur ora wani karo kowe! Aja pisanpisan meneh gawe tangise Mbokku…!!
346. MBAH SOLIKHIN : Meneng wae Man, rasah erosi…
347. USMAN : Sejatine niku, wonten menapa Pak
Dukuh?
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
125