Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

317. PAK DUKUH : Lapor?! Duwe bukti pa?

318. DASILAH : Ngene lho Pak, almarhum Pak Iman wis tau wasiat, Usman kudu dadi sarjana, senajan dheweke bodho.

319. PAK RT : Terus pripun niki Pak Dukuh? Mesakake Mbok Rus.

320. DASILAH : Uwis Pak RT rasah mesakake-mesakake Mbok Rus!

321. NING : Mbok Rus, ki durung mesti salah. Sapa reti Mbak Das salah tampa.

322. DASILAH : Ooo… Kowe wis ra percaya meneh karo aku?


ADEGAN XVIII

MBOK RUS LIWAT BANJUR MELU KUMPUL.

323. MBOK RUS : Bener… Pancen ra ana kang kudu percaya karo kowe Das. Apa kang thog kandhakake ora ana sing bener. Aku ora tau meksa Usman lan kabeh iki kekarepane Usman, dudu kekarepanku. Ora ana simbok kang seneng ndelok anake rekasa. Ora ana Das, ora ana!!

324. DASILAH : Ora mungkin. Ora ana alasan anak jaman saiki milih rekasa.

325. MBOK RUS : Ora ana kepiye? ora ana kuwi yen kanggo anak-anakmu, Mbak. Nanging ora kanggo Usman kang wis ditinggalake bapakne ket cilik.

326. PAK DUKUH : Uwis… dha lerem! mengko ndak dha kena ludira inggil, geg setruk, geg modar!

327. MBOK RUS : Kabeh kudu reti yen iki amarga bapakne Usman, ora ana liyane. Aku dhewe ora tega anakku rekasa, nanging Usman nglakoni amarga amanahe bapakne.

328. PAK DUKUH : Mbak Das, dadine apa kang dak omongake kuwi jenenge fitnah, mbak,

124 ~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~