Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dwi Nur Susanti

SMA Negeri 2 Bantul


USAHA ANYAMAN
MBUKAK DALAN PADHANG

Anyaman biting dadi salah sawijining pakaryan anyar ing taun-taun pungkasan iki. Senajan wis ana wiwit jaman biyen, nanging anyaman biting klebu jinis anyaman anyar. Salaras karo lakuning jaman, anyaman biting dadi pakaryan sing mbutuhake tenaga akeh kanggo nyukupi panjaluke pasar. Mula anyaman biting bisa mbukak kalodhangan kanggo masyarakat sing ora duwe pakaryan utawa sing padha golek pakaryan tambahan.

Ngrembakane anyaman biting ing pasaran uga dipigunakake dening para paraga kreatif sing pinter maca kahanan. Salah sawijining paraga kreatif kasebut yaiku Septiana utawa Mbak Ana. Wiwit taun 2005, Mbak Ana mbukak usaha anyaman biting mapan ing omahe ing Plemantung, Sidomulya, Bambanglipuro, Bantul.

Mbak Ana nerangake menawa anggone mbukak anyaman biting iki amarga kepingin nyipta pagawean dhewe lan mbiyantu kanca-kancane sing durung oleh pakaryan. Mbak Ana milih usaha anyaman biting iki amarga akeh sing seneng. Saliyane iku, usaha anyaman biting klebu "padhat karya" utawa mbutuhake tenaga akeh. Kahanan iku trep karo gegayuhane Mbak Ana sing kepengen mbukak pakaryan kanggo kanca-kancane. Wektu iku usaha anyaman biting Mbak Ana durung gedhe kaya saiki. Nanging Mbak Ana percaya ing mangsa ngarep usahane bisa ngrembaka. "Sing penting aku nglakoni usaha iki kanthi temenanan.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

1