185. USMA : Ngapa gela? Iki wis wasiate Bapak.
166. RATMI : Wasiate Bapak piye ta kang?
187. USMAN : Ora piye-piye dhik, wis gek maem sik. Lha Mimbok mau neng ngendi dhik?
188. RATMI : Embuh kang malah nandi.
1689. USMAN : Coba celuken dik!
190. RATMI Mbok... ? Mboke...........?
191. MBOK RUS (OS) : Apa nok?
192. RATMI : Niki dipadosi kakang. Yowis kang tak mlebu sinau dhisik.
193. USMAN : Yo dhik, sing sregep!
194. RATMI : Oke kang!
ADEGAN X
RATMININGGALAKERUANG MAKAN. MBOK RUSBANJUR TEKA.
195. USMAN : Mbok, sampun dhahar, Mbok?
196. MBOK RUS : Uwis.
197. USMAN : Lha wau saking pundi?
198. MBOK RUS : Ra nandi-nandi.
199. USMAN : Mbok, simbok tasih nesu kalih kula? Mbok, kula namung njagi amanahipun lan nglakoni kang diwasiatke Bapak.
200. MBOK RUS : Iya, Simbok ngerti, nanging kowe ora ngerti kedadeaning desa iki sasuwene seminggu iki.
201. USMAN : Lha wonten menapa, Mbok?
202. MBOK RUS : Tangga-tangga padha mitnah aku, para warga padha nesoni aku amarga kowe ora kuliah.
203. USMAN : Para warga mboten gadhah hak melu campur kudune.
204. MBOK RUS : Le, kowe ki elinga! Mbok manuta ro Simbok! Awake dhewe ki urip ing desa, nek gawe kekarepan aja sing aing-aing.
205. USMAN : Mbok, mboten amarga kula mboten manut marang Simbok, nanging niki amanahipun Bapak.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
417