145. PAK RT : Kula nuwun pak dukuh...
146. PAK DUKUH : Ana apa pak RT?
147. PAK RT: Anu pak... niku lho... anu...
148. PAK DUKUH : Anu.. anu... anune kenapa?
149. PAK RT : Anu pak... nika lho... sssttt... anu
150. DASILAH : Haes... ngonten lho Pak Dukuh, kita mriki badhe matur yen Usman saniki mboten kuliah.
151. PAK DUKUH : Lha apa urusane ro aku? Kuwi hake Usman ta?!
152. NING : Tu kan Mbak...
153. DASILAH : Woo... lha nggih jelas wonten pak dukuh, nanging urusanipun dede kalih Usman.
154. PAK DUKUH : Lha banjur karo sapa?
155. DASILAH : Kalih Mbok Rus
156. PAK DUKUH: Kepiye ta iki? Kepiye? Lungguh kene sik! Wis, gek kepiye ceritane? Gek apa keperluane panjengan-panjengan niku mriki?
157. PAK RT : Wis, Mbak Das, gek critakna!
158. DASILAH: Pak, Usman menika le mekdal sekolah amargi dipeksa mbokne. Apa anak saiki gelem rekasa-rekasa golek dhuwit? Lak ya mokal ta pak? Makane, Pak Dukuh nglaporake mawon Mbok Rus wonten Mbale desa!
159. PAK DUKUH: Ora isa Das! Ora ana hubungane karo bale desa, kuwi urusane keluargane Mbok Rus. Kudune kowe-kowe kuwi dha ora melu campur.
160. DASILAH : Mboten saget pak, kita niki mesagake Usman, kudune sekolah. Eee ... malah dikon mbecak.
161. PAK RT : Eksploipitisapi, pak.
162. PAK DUKUH : Apa kadadeane bener mangkono? Aja-aja padha salah tampa.
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
115