Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

130. DASILAH : Haes, ra mungkin. Kowe kudune bisa menging.
131. MBOK RUS : Uwis, nanging Usman mboten ngandel.
132. NING : Aduh… Mbok Rus… Kasihan Kangmasku Usman. Mosok ya ora sekolah, aduh… aduh… Mas Usmanku sayang…
133. MBOK RUS : Aku ya uwis ngandhani dik Ning nanging kekarepane Usman ora bisa tak cegah.
134. PAK RT : Mbok panjengan saget dilaporake wonten Komnas HAM Mbok, niku jenenge meng… eks… ploi… piti…sapi anak, Nah…nah… mengeksploipitisapi anak, Mbok.
135. MBOK RUS : Nanging Pak RT, iki kekarepane Usman. Mbokna umure Usman wis cukup nggo kerja.
136. PAK RT : Tetep wae simbok salah, Usman durung lulus kok.
137. DASILAH : Wis Rus, rasah sok alim! Gaweane kudungan, tekone ra karuan. Pak RT, Ning, lambene Mbok Rus wis ra isa dipercaya
138. MBOK RUS : Apa? Tak suwek-suwek lambemu nak ngomong ora tata!
139. DASILAH : Uwis, ayo lapor Pak Dukuh!
140. PAK RT : Yuk…! Yuk…!
141. NING : Haduh… aku melu ra ya? Mesakake Mbok Rus, aduh piye iki?
142. DASILAH : Uwis ayo…
143. NING : Mbok… Rus… Mbok… Rus… tapi…
144. MBOK RUS : Gusti…. Pacoban apa iki? Apa pancen aku ora isa mulang anakku? Nanging Gusti, aku ya reti kekarepane anakku kuwi ya apik, senajan aku ora seneng. Lha kok nyatane dadi kaya mengkene? Ana wae kang ora rela yen aku ora rekasa Gusti… Aku tulungana!


ADEGAN VIII

ING NGAREP OMAHE PAK DUKUH. ING WAYAH AWAN. PADHA RAME-RAME MARANI PAK DUKUH . ING NGAREP OMAHE PAK DUKUH ANA KURSI-KURSI.

114

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~