89. NING : Piye je? Lha ya le kemayu ki amarga ra ayu. Ning saya ora ayu sing menging.
90. MBAH SOLIKHIN : Uwis-uwis… minggir-minggir! arep mulih aku. Huk… huk… huk…
91. NING : Lho, kowe sih Mbak, dadi mulih ta Mbah Solikhin? Aku kan dadi ora ngerti kangmas Usman sing bagus dhewe mau ngapa mau, hualah garagarane Mbak Das.
92. DASILAH : Aku ki ngerti wisan.
93. NING : Hah? Apa Mbak? Apa ?
ADEGAN V PAK RT MLAKU ING DALAN DESA. PAK RT MLAKU NYEDAKI DASILAH LAN NING MELU NGOMONGAKE USMAN.
94. PAK RT : Yu… yu… yu… ana apa yu?
95. NING : Mriki-mriki pak RT!
96. PAK RT : Iya… dhik Ning….
97. NING : Piye Mbak Das?
98. PAK RT : Ana apa ta?
99. DASILAH : Ngene lho, Usman ki metu le kuliah.
100. PAK RT : Lho, tenane?
101. DASILAH : We… lha ya tenan.
102. PAK RT : Lho, kenapa?!
103. DASILAH : Usman ki dipeksa leren kuliah lan dadi tukang becak supaya Ratmi dadi guru.
104. NING : Ah, mbok ra gawe-gawe, Mbak!
105. DASILAH : Gawe-gawe kepiya ta?
106. PAK RT : Tenane yu?
107. DASILAH : Eee… alah kapan aku tau ngapusi?
108. NING : Ra tau mbak.
109. DASILAH : Pancen ra tau.
110. NING : Ya, ning kerep.. jare arep nyomblangake aku ro kangmas Usman, ee… rasida-sida…
111. DASILAH : Durung wektune wae, aku ki wong tuwa, ngapa aku ngapusi?
112
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~