Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

73. USMAN : Nanging bapak nate pesen supados kula njagi rodha telunipun bapak, nggih kula mbecak mawon ta Mbah? Apa iya yen wong gaweane nunggak kaya aku ki ora mung tuwa thog ing sekolah?

74. MBAH SOLIKHIN : Paling ora yen duwe gelar sarjana bisa luwih gampang golek gawean.

75. USMAN : Sami mawon Mbah, mbecak niku sampun dalane kula ben bisa urip makmur Mbah, ora kudu kuliah, dereng mesti sarjana-sarjana niku urip makmur.

76. MBAH SOLIKHIN: Huk… huk… huk… ora wani aku le yen kowe durung nembung Mbokmu.

77. USMAN: Mbok pareng ta Mbah!

78. MBAH SOLIKHIN: Ya… ya… ya Le… mbesuk mruput jam 6 ketemu ing prapatan wae. (klesak - klesik)

79. USMAN: Nggih Mbah, nuwun nggih Mbah… Kula manthuk rumiyin.

80. MBAH SOLIKHIN: Ya, le, ya…

81. USMAN: Nggo Mbah…

82. MBAH SOLIKHIN: Ya le ya… ha ha ha… (Usman lunga) Bocah kok kandhanane ngeyel.

ADEGAN IV' USMAN NINGGALAKE LINCAK LAN MBAH SOLIKHIN. NING LAN DASILAH BANJUR TEKA NGGOWO TAS BELANJAN. 83. NING : Mbaaaah , Kangmas Usman menapa ta Mbah? kayake ana perlu ya Mbah…?

84. DASILAH : Weki lehmu kemayu Ning.

85. NING : Ye… Ya ra ngono Mbak Das, aku lak ya pengen ngerti, gitu…

86. DASILAH : Ning ya rasah kemayu ngono.

87. NING : Ahh.. weki Mbak.

88. DASILAH : Yen ra ayu ki rasah kemayu…

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

111