Kaca iki wis divalidasi
28. | MBOK RUS | : | Iya le, nanging ora saiki. |
29. | USMAN | : | Banjur kapan? |
30. | MBOK RUS | : | Rampungna dhisik lehmu kuliah! |
31. | USMAN | : | Mboten mbok, kuliah ya mung bodho. |
ADEGAN II
MBOK RUS NUTU GAPLEK NGANGGO LESUNG. USMAN LUNGGUH NYEKEL PACUL. RATMI TEKA.
32. | RATMI | : | Wonten menapa ta Mbok? Kok rame-rame. |
33. | MBOK RUS | : | Kuwi lho nok kakangmu. |
34. | USMAN | : | Ora apa-apa dhik.. |
35. | RATMI | : | Lha pripun ta kang? |
36. | USMAN | : | Ngene lho dhik, Kowe setuju ora nak kakang mbecak? |
37. | RATMI | : | Lho lha napa mboten kuliah kang? |
38. | MBOK RUS | : | Nah, Lha yho kuwi nok, kakangmu kandhanane ngeyel |
39. | USMAN | : | aku tetep arep mbecak mbok! |
40. | RATMI | : | Lha menapa kang? Kok le mempeng pengin mbecak? |
41. | USMAN | : | Emm... ngene lho dhik, iki wasiate bapak, supaya kakang dadi pilot rodha telu iku lan kowe wae sing kuliah dhik, sing cetha pinter! |
42. | RATMI | : | Lha niku Mbok, alesane kakang nggih sae. Iya kang, kowe mbecak wae! |
43. | MBOK RUS | : | Kowe ki kepiye ta nok? Apa kowe ora mikir yen kakangmu ora lulus mbesuk arep dadi apa? |
44. | RATMI | : | Nanging niku sampun wasiate bapak lho Mbok. |
45. | MBOK RUS | : | Iya, nanging apa bener karepe rodha telu iku becak? |
46. | USMAN | : | Woo... lha nggih jelas Mbok, bener!!! |
47. | RATMI | : | Inggih mbok! Bener. |
48. | MBOK RUS | : | Simbok tetep ora setuju! |
49. | RATMI | : | Kakang sekolah ya mung ra tau munggah kok Mbok. Hihihi... apa maneh kuliah, ha mung ra lulus. |
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
109