Kaca iki wis divalidasi
| 05. | USMAN | : | Ditampanggih ditampa mbok, nanging nggih mboten banjur saben dinten mangan thiwul Mbok... Mbok... |
| 06. | MBOK RUS | : | Eee... alah le... kowe kuwi wis gedhe kudune wis dong. |
| 07. | USMAN | : | Jaman saiki ki kudune wis mangan sega Mbok... |
| 08. | MBOK RUS | : | Eee... alah le... kowe ki bisa kuliah we wis beja! |
| 09. | USMAN | : | Yen ora ana sega, mbok wis rasah madhang, wis wareg ro urip mlarat. |
| 10. | MBOK RUS | : | Cah gedhe kok mutungan. Yoh wis le, pacule diwenehake mburi kana, geg adus! Sing penting simbok wis njagani pangan, yen gelem panganen, yen ora ya sakarepmu. |
| 11. | USMAN | : | Nyuwun pangapunten Mbok, wonten ingkang kula pingin matur marang Simbok. |
| 12. | MBOK RUS | : | Arep ngomong apa le? Le kadingaren. |
| 13. | USMAN | : | Ngonten Mbok, kula badhe medal kuliah |
| 14. | MBOK RUS | : | Arep ngapa? |
| 15. | USMAN | : | Kula kepengin mbecak Mbok. |
| 16. | MBOK RUS | : | Weh... aja!! |
| 17. | USMAN | : | Mboten napa-napa ta Mbok?! |
| 18. | MBOK RUS | : | Rapapa piye? Arep golek apa? |
| 19. | USMAN | : | Ben bisa mangan sega kaya kanca-kanca. |
| 20. | MBOKRUS | : | Ora...! Ora bisa! |
| 21. | USMAN | : | Lha napa ta Mbok? |
| 22. | MBOK RUS | : | Ora le! Ora isa! Yen kowe ora kuliah, mbesuk arep dadi apa kowe le? Ora isa! Simbok ora setuju! |
| 23. | USMAN | : | Mbok, niki sampun kewajiban kula satunggaling tiyang kakung ing keluarga niki. |
| 24. | MBOK RUS | : | Simbok tetep ora setuju! |
| 25. | USMAN | : | Kula pengin supados simbok saget dhahar sekul saben dinten. |
| 26. | MBOK RUS | : | Ora! Pokoke kuliah! |
| 27. | USMAN | : | Nanging mbok, bapak uga sampun wasiat supados kula njagarodhatelu niku. (ndudingi becak) |
108
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~