Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
FEATURE :

TULISAN SING PANTES, CEPLES, NGES

LAN MENGKU TEGES
Ari Subagya
Yohanes Siyamto


Feature: sarwa ringkes

Feature ing jagading panulisan media abasa Jawa bisa disebut minangka salah sawijining cakrik utawa gagrag anyar. Awujud artikel mirunggan bisa uga awujud pawarta. Nulis pawarta lumrah, cukup adhedhasar prinsip 5W + 1 H. Dene menawa nulis feature kejaba migunakake prinsip dhasar ambabar kabar mau, isih kudu ditambahi bab-bab liya, amrih pawarta mau rinasa pantes, ceples, nges lan mengku teges.

R, Masri Masri Sareb Putra jroning buku Teknik Menulis Berita dan Feature ngandharake senadyan akeh tetembungan kanggo njlentrehake babagan feature, nanging sacara umum myebutake menawa feature yaiku karangan khas. Yen mung disebut minangka karangan khas, mesthi wae durung patia cetha. Mula saka buku kuwi lan sumber-sumber liya bisa kaundhuh sawijining pituduh menawa feature yaiku artikel kreatif, kadang kala subyektif, amrih sing padha maca seneng lan aweh kabar marang para maos ngenani sawijining kadadeyan, kahanan utawa babagan panguripan.

Amarga tulisan sing pantes, ceples, nges lan mengku teges

iki, mula tulisan kang awujud feature dadi salah sawijining tulisan unggulan ing media cetak. Media eletronik bisa ngoyak pawarta sarwa ringkes lan cepet, dene media cetak mbutuhake wektu

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

95