Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kanggo rakyat Indonesia. Gregete para pahlawan lan kekendelane nglawan panjajah bisa mujudake apa kang dadi angen-angene warga Indonesia. Tanggal 17 Agustus 1945 dikumandhangake kamardikane bangsa Indonesia. Kanggo mujudake kamardikan iku ora gampang lan ora murah. Bangsa Indonesia uga tetumbal bandha lan nyawa.

Bocah-bocah Kemusuk sejati uga ngorbanake tenaga lan apa wae sing bisa kanggo njaga kamardikaning Indonesia. Kanthi sregep lan niyat maju, para “bocah Kemusuk sejati” bisa dadi wong-wong kang kasil lan migunani. Ora mung Pak Harto, Probosutedjo, lan Notosoewito sing dadi bocah Kemusuk sejati. Akeh bocah-bocah liyane sing pantes anyandhang sesebutan “bocah Kemusuk sejati”.

***

94

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~