Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

1949, wektu yuswane 45 taun. Merga gugur ing paprangan, jisime kepeksa disarekake tanpa disuceni.

Sedina-dinane Tedjo angon kewan ing sawah. Senajan nakal, dheweke uga kondhang kendel lan kukuh. Wektu isih bocah, dheweke wis wani melu perang, lan dadi mata-mata wektu perang gerilya kang dipangarsani dening Soeharto.

Sawise perang pungkasan, sing nglibatake laskar-laskar saka Sumber (cedhak Kemusuk), kahanane Dhusun Kemusuk saya tentrem. Wektu bali ana ing dhusun asale, Tedjo kelingan marang bapak lan ibune, sedulur-sedulure, lan kanca-kancane sing wis gugur dari korban perang. Kanggo tetenger perjuangane para puspita bangsa iku, Probosutedjo kepengen ambangun monumen pendhidhikan amarga pendhidhikan iku paling wigati kanggo majuning bangsa lan negara.

Wektu wis madeg kulawarga dhewe, Probosutedjo sakulawarga pindhah ana ing Sumatra. Dheweke dadi guru ing Pematang Siantar. Uripe Tedjo lan kulawargane ing kana mung paspasan. Dheweke bajur pindhah ing Jakarta. Neng kana Tedjo miwiti dadi wirausahawan. Kanthi ulet lan trampil, Probosutedjo saiki dadi pengusaha sukses lan misuwur.

Notosoewito mataun-taun dadi lurah ing Argomulyo. Pak Noto—mengkono wargane ngaturi asmane—dadi panutane warga Kemusuk. Kurang luwih 20-an taun dheweke ngabdi dadi lurah. Notosoewito lair ing Kemusuk, tanggal 14 Juli 1936. Pangabdine Pak Noto disorohake kanggo desane. Dheweke ora mung mujudake Kemusuk dadi dhusun kang ayom-ayem lan tentrem, nanging uga sakukuban Argomulyo dadi desa kang maju lan ngrembaka.

“Aku cukup manggon ing kene wae. Aku seneng manggon ing kene. Saya arep njaga kabeh sing ana ing desa iki,” ujare Notosoewito kanthi blak-blakan. Dheweke ora duwe angen-angen liyane kejaba tetap njaga kaguyuban warga desane, gawe pengajian rutin seminggu sepisan, lan dadi warga negara kang biasa-biasa wae.

Tandha bektine para puspita bangsa ora dadi muspra. Perjuangane para pahlawan kang mbelani negara pancen murakabi

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

93