Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Indonesia, antarane Soeharto, Probosutedjo, Notosoewito, lan liya-liyane. Bocah-bocah iki bisa mbuktekake bektine marang negara lan bisa ndadekake Argomulyo meninaka desa kang aman, ayem, lan tentrem. Dhusun Kemusuk ora mung gawe mongkog atine wargane, nanging paseduluran warga siji lan sijine iki pancen dipratekakake. Ora mokal yen Kemusuk bisa dadi dhusun kang wargane sarwa rukun lan lung-tinulung.

Soeharto, lair ana ing Kemusuk tanggal 8 Juni 1921. Wektu isih bocah, dheweke kerep dolan ing sawah. Ora ngira dheweke bakal dadi wong nomer siji ana ing negarane (Indonesia). Soeharto uga seneng golek welut ana ing sawah, banjur digawa bali. Yen mangkat menyang sawah, Soeharto (cilik) iki biyasane numpak pundhake bapakne. Dheweke uga seneng numpak kebo kang lakune alon-alon. Kacarita, ora diseja, Soeharto cilik ngulu dhuwit kricik (setengah sen), nganti kleleden lan gawe geger warga desane. Iku dadi bukti menawa Soeharto ditresnani ing tanah kelairane.

Harto pancen bocah Kemusuk sejati. Ngancik nom-noman, dheweke dadi tentara, sengkud ing saben paprangan nglawan penjajah. Nalika perang gerilya, dheweke dadi pangarsa satuan Brigade 10, pangkate Letkol. Bocah Kemusuk iki uga mangarsani Serangan Oemoem 1 Maret 1949. Sing luwih misuwur yaiku nalika Pak Harto dadi presiden Republik Indonesia sing paling suwe, kurang luwih 32 taun. Isih akeh pagaweyan becike Soeharto sing migunani tumrap bangsa lan negara. Dheweke uga tau entuk tandha pangalembana saka FAO lan aweh pidhato ing parepatan PBB. Soeharto ngrumangsani menawa pangabdine marang negara ora bakal muspra. Dheweke ya ora ngira bakal dadi pangarsaning negara kang disuyudi dening warga Indonesia.

Bocah Kemusuk sejati sing kapindho yaiku Probosutedjo, kelairan taun 1930. Nalika cilik, Tedjo kondhang nakale. Upamane dheweke senengane ora keklamben (mung kathokan). Wektu enom, Tedjo wis ora duwe bapak lan ibu. Bapakne gugur ditembak Walanda, pas ana ing sirah, nalika Jemuwah kliwon, 7 Januari

92

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~