Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tri Lestari Wulandani
SMA Negeri 1 Sedayu

BOCAH-BOCAH KEMUSUK SEJATI


Para puspitaning bangsa pancen wis padha gugur 66 taun kepungkur. Ananging gregete perjuangan warga Kemusuk tetep makantar-kantar ning ati. Dusun Kemusuk, Desa Argomulyo, Kecamatan Sedayu, Kabupaten Bantul iki salah sijine dusun kang nglairake bocah-bocah kondhang. Kemusuk uga nduweni brana awujud sejarah masyarakat nglawan Walanda. Minangka tetenger sejarah, upamane awujud Monumen Setu Legi kang kabangun ing ngarep Bale Desa Argomulyo. Tetenger liyane awujud Pasarean Somenggalan, yaiku papan kanggo ngubur para puspita bangsa saka Dusun Kemusuk. Para leluhure warga Kemusuk uga disareake ana ing kana. Uga klebu anak turune Mbah Wongso Menggala, deweke dadi cikal bakale Dusun Kemusuk iki kang mapan ana ang pinggir lor-kulon Kabupaten Bantul.

Nanging sakliyane awujud tetenger monumen lan pasarean, bukti gregete perjuangan warga Kemusuk uga awujud tokoh-tokoh sing pantes nyandhang sesebutan “Bocah-Bocah Kemusuk Sejati”. Warga Kemusuk kondhang dadi warga kang ora gampang luluh karo musuh. Panglawane warga Kemusuk awujud paprangan karo saradhadhu mungsuh. Warga Kemusuk bisa golong-gilig nglawan Walanda, mula bisa nelukake kridhane prajurit Walanda.

Kemusuk sing mlebu wewengkon Kalurahan Argomulyo iki bisa nglairake bocah-bocah kang migunane tumrap bangsa

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

91