Kaca:Babad Solo.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
74
  • LAMPU LISTRIK

 Ing jaman kina kitha Sala punika ing wanci dalu peteng, awit ingkang kanggé pepajar namung saking lampu ting, inggih punika dilah téplok ingkang mawi semprong ingkang dipun lebetaken satunggaling wadhah ingkang kadamel saking blèk utawi sèng, kawangun pesagi mawi kaca. Punika kapasang utawi kagantung wonten satengahing margi ageng ingkang dipun anggep reja. Nalika jaman semanten saben satus mèter wonten lampu satunggal. Manawi mangsa rendheng kathah lampu ingkang sami pejah jalaren kénging toya utawi katampeg ing angin.

 Ing tahun 1902 wonten pengumuman bilih ing kitha Sala badhé dipun wonteni lampu listrik. Mesin pembangkit listrik mawi tenaga Diesel dipun pasang sacelaking stasiun N.I.S. ing Purwosari. Waragadipun ngawontenaken mesin punika dipun sanggi sesarengan dening Pamarintah Kasunanan, Pamarintah Mangkunagaran, para saudagar tuwin para hartawan sarana ngedegaken satunggaling perusahaan ingkang namanipun Solosche Electriciteits-Maatschappij (tegesipun : Perusahaan Listrik Solo), kacekak: S.E.M.

 Lampu-lampu wiwit kacobi murub ing dinten malam Setu tanggal 10 Sura tahun Bé 1832 utawi surya kaping 19 April 1902. Kitha Sala ing wanci dalu lajeng dados padang.


  • TOYA LÈDHENG

 Nalika tahun 1926 ing kitha Sala kadhapun bebadan nama N.V. Hoogdruk Waterleiding (Perusahaan Air Minum Tekanan Tinggi) ingkang ngusahakaken wontenipun toya lèdheng ingkang mili dhateng griyanipun penduduk. Toyanipun mendhet saking umbul ing Cakratulung, kawedanan Delanggu, kabupatèn Klathen. Wragadipun dipun sambuti pamarintah Mangkunagaran.

 Nem tahun sasampunipun masang waterleiding wau, bebadan punika lajeng ngadani assainering, ingkang damel ilèn-ilèning toya ing salebeting kitha sarana masang urung-urung ingkang kadamel saking beton-bis kanggé ngrikataken pambucaling toya jawah ing mangsa rendheng.