Kaca:Babad Solo.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

73

Punika margi ageng sapisan ingkang kadanel saking Kar- tasura dumugi Sala kanggé pindhah-dalem Ingkang Simuwun Paku Buwana kaping II saking Kartasura dhateng Sala ing- kang lajeng kaperingan nama Surakarta Hadiningrat. Saelèr margi kanggé Majid Ageng.

Pakrótan punika papan pakèndelanipun kréta-krétanipun para abdidalem saking sajawining kitha ingkang tebih-tebih kadosta Delanggu, Kartasura lan Bayalali, manawi nuju din- ten pasowanan ageng, upaminipun sowan Bakda. Nana Prkrétan punika katelah kalèntu pangucapipun tembung punika, lajeng santun dados Slomprètan. Dangu-dangu lajeng kadadost ken Pasar Slompretan. Sareng dumugi janan Jepang, pasar punika lajeng pejah. Ngantos dangu katingal suwung lan kireng ko- pèn.

Wasana lajeng tuwuh tembung Klèwèr. Funika pasaripun tiyang kesrakat, ingkang boten gadhah pepa ingkang maton kadosdéné pasar ingkang limrah. Tiyang-tiyeng ingkang be- bakulan wau anggenipun ambekta daganganipun namung sami kasampiraken wonten ing pundhakipun, utari tanganipun ka- lih ambekta barangipun sarta katawèk-tawèkaken dhateng tinyang-tiyang ingkang sami langkung tuin ingkang sami nedya tumbas. Bakul-bakul..punika jaler èstri katingalipun lajeng pating klèwèr wonten ing pinggir nargi, pramila panggénan punika katėlah nama Klèwer. Nalika janan Jepang - (1942-1945) limrahipun ingkang kasadé barang lungsuran. Papanipun para bakul wau pindhah-pindhah, jalaran asring kapurih késah déning punggawaning nagari, sabab ngganggu lalu-lintas. Kala rumiyin manggenipun wonten ing Banjar- sari sisih kidul-wétan sakidulipun kantor air nimun. Ing sarèming Pasar Slomprètan punika katingal sepen, kados mèh pejah, Pamarintah lajeng andhawuhakim supados anggen- ipun sasadéyan klèwèran dhateng Pasar Slomprètan. Ing sa- rèhning ingkang sami pindhah punika para bakul klèwèr, nama Pasar Slouprètan lajeng dipun gantos nama Pasar Kè wer. Ing tembe pasar Klèwèr tuwuh dados pasar ingkang ramé jalaran popiler, lajeng dados pasar tekstil ingkang ageng. Pramila pasar Klèwèr punika ing tahun 1970 kaba- ngun malih, tumpuk kalih. Kabikak resmi déning Bp Prési- den Suharto.