Kaca:Babad Solo.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
68


  • KRETEG JURUG TUWIN KRETEG BACEM

 Taksih tunggil tahun kaliyan pembangunan tanggul, Ingkang Sinuwun Paku Buwono kaping X ugi yasa kreteg tosan ing Jurug, saperlu kanggé angganpilaken lampahing perékonomian sageda langkung lancar.

 Sawetawis tahun malih ing margi saking kitha Sala mangidul dhateng Sukoharjo, nglangkungi Bengawan Sala ugi dipun iyasani kreteg tosan malih manggèn ing dhusun Bacem Pambikaking kreteg Bacem punika katindakaken ing tanggal 24 Sapar tahun Jimawal 1845 utawi tanggal 8 Januari 1915.

  • SEPUR TREM ING KITHA SALA

 Antawisipun tahun 1900 Masèhi ing kitha Sala dipun wonten sepur trèm kanggé tetumpakan umum. Wiwitipun saking tengahing kitha, inggih punika saking halte sangajenging bètèng Wlandi. Sepur wau saben pos kèndel kanggé minggah mandhaping para penumpang. Lampahipun mangidul lajeng nekuk mangilèn dumugi Purwosari. Sepur trèm wau kèndel sapisan wonten ing kampung Kauman, lajeng ing kampung Derpoyudan sakilèn Nonongan, lajeng ngilèn ing halte Pasarpon. Ingriku sepuripun saged simpangan kaliyan sepur ingkang saking kilèn. Lampahipun sepur wau urut margi ageng ingkang sisih kidul. Mangilèn kèndel malih wonten ing Béndha ngajeng Sriwedari. Lajeng terus mangilèn dumugi Pasanggrahan (kala rumiyin dalem Ngadisuryan), lajeng nekuk mangalèr nugel margi ageng terus dhateng stasiun Purwosari, lajeng kèndel.

 Saking Purwosari sepuripun terus mangilèn dumugi dhusun Gémbongan. Ing Gémbongan wonten pabrikipun gendhis, dados sepur punika ngiras kanggé nyadhiyani para punggawa pabrik ingkang badhé kekésahan dhateng Sala.

 Sepur trèm ingkang dipun gèrèd kapal/jaran punika kèndelipun pungkasan ing dhusun Gémbongan ngriku; sampun pantog. Sepur punika gerbongipun namung satunggal, kagèrèd Jaran sekawan. Ing saben 4 kilometer jaranipun dipun gantos. Gerbong wau namung isi tiyang 20, kathah-kathahipun 25.

 Anèhipun, kala rumiyin ingkang sami purun numpak puni