Kaca:Babad Solo.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

65

Tetiyang Banjar utawi tiyang Banjarmasin saking Pulo Kalimantan - ingkang sami nanggaota sadé emas inten ni kapapanaken wonten ing kampung Jayengar, punika dados karan Banjaran.

Tetiyang bangsa Walandi ingkang kathah sani manggèn ing sakiwa-tengening bètèng Walandi "Vastenburg", ing loji-loji sawetaning bètèng. Sarèhning sadaya griyanipun bangsa Wa- landi punika loji, pranila kampungipun lajeng kawastanan Lojiwétan. Ugi wonten ingkang dados pengurusipun, pangkat- ipun Asisten-Residen.

Wontenipun sami kapantha-pentha kaklempakaken manut go- longanipun piyambak-piyambak punika satunggaling wewéka mbokbilih wonten punapa-punapa, sampun ngantos ngreka.cs anggènipun ngurus, len ngiras kanggé anjagi katertipan saha kawilujengan. Tiyang manca punika kajavi griyanipun boten kapareng pencar-pencar, saking karsadalem ugi bo- ten kapareng mmbasi papan pasitèn ingkang anggadhahi hak andarbèni. Sagedipun namung nyéwa pasitèn mawi kawatesan dangunipun, inggih punika dangu-dangunipun 25 tahun. Sa- sampunipun punika pasitèn kedah wangsul dhateng nagari malih. Manawi nagari dèrèng ambetahaken pasitèn wau, ugi kénging kaséwa malih, nanging mawi prajanjian énggal.

Sadaya tiyang bangsa asing punika kénging pranatan "pajeg bangsa asing sarta winatesan anggènipun gegriya ingriki, dangu-dangunipun namung gangsal tahun, boten ka- pareng manggèn salami-laminipun. Sasampunipun punika ke- dah wangsul dhateng nagarinipun piyambak-piyambak.

Wontenipun dipun wonteni pranatan makaten, ingkang di pun kuwatosaken manawi ngantos bebranahan mindhak damel karépotanipun nagari. Makaten punika tatananing nagari Surakarta nalika jaman panguwaosipun swapraja, ingkang wewenangipun katindakaken dening Pepatih-dalen ingkang ngasta papréntahaning nagari.

Kanggé anjagi tatatentren saha kawilujengaring kitha, saben prapatan margi ageng dipun sukani gerdhu pajagèn. Ingkang njagi abdidalem Jagawèsthi, tegesipun Juru rumek- sa katentreman. Sami kaparingan nama Ki Jagarumeksa saha Ki Karyaruneksa, inggih punika pulisi keamanan. Dedamel- ipun kenthès, sarta dipun sadhiyani tumbak kaliyan cang- gah tuwin bendhé, kanggé tengara sawanci wonten bebaya, utawi tengara wanci. (jam).