Kaca:Babad Solo.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

64

Mancanagari seking beng wetan, kadosta Kedhiri, Surabaya, Pasuruan, manawi nuju soven bakden utawi dinten ageng sa- nèsipun dhateng ing Karaton. Bupati-bupati wau scni lerem ing pondhokar punika, prenila kampung punika lajeng karan kampung Pondhoken.

Papan wiyar kados ar-ara kaleres saelèripun Pasar Legi kala kula taksih alit (hinten-kinten tahun 1910) taksih nyucnerepi pepen punika kanggé balapen jaran. Ing sisih kilèn wonten gedhon kondhangipun jaran, ingkang tembung Walandi-nipun dipun schat stal. pramila kampung ingriku lajeng kawastanen kampung Kestalan; déné papan ingkang ru- riyin kanggé balapan jaran dados kampung Balapan.

Ing jamanipun Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Manglainegara keping VI (1896-1916) papen pasitèn wau lajeng dipun sukani bangunan priya-griya loji kanggé paséwan.: Ing- keng sami nyéwa bangsa Walendi; pepan punika lajeng dipun wastani Villapork, saking teobung villa = griya ingkang sae tuwin park:= temen. Ing tahun 1942 nama Villapark wau dipun gantos Banjarsari.

Ing sacelakipun Banjarsari (rumiyin Villapark) wonten griyenipun tuan Overste. Tiyang Jawi nastani Oprup utawi Obrus. Kampung ingriku nananipun dados Ngebrusan.

Taneh savetning Ngebrusan punika rumiyin ledhok senget. Saben mangsa rendhera tentu banjir, kabludagan toya saking lèpèn Fépé. toyanipun dados regung nili mengalèr katingal lérap-lérap kados segaren. Pranila kampung, u lajeng ka- sebat kampung Tambaksegaran.

Menggeh papan pedununganipun bangsa sanès kadosta Cina, boten kénging pencar-pencar, kedah ngalempak, kapapanaken ing-saki-tengening Pcken Ageng, mangétan ing Ketandhan dumugi Linalason, mengalèr dhateng Balong, mengiler dhateng Warungpelen. Papan punika lajeng karan kampung Pacinan. Wonten ingkang dados pengurusipun, pangkatipun Mayor, ka- ran Babah Maycr.:

Bangsa Arab ugi dipun pepeneken piyambak, sani ngalempak ing sakiwa-tengening Paser Kliwon, nangidul dumugi Baturana, keleres wonten sawet ning Karaton. Punika dados karan pakan- pungan Arab. Ugi wonten ingkang dados pengurusipun, pangkat- ipun kapten, nama. Awab Sungkar. Tiyang Arab punika sami ra- karya bathik.