Kaca:Babad Solo.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ingkang kabekta dhateng Masjid Ageng. Lampahing Canthang Balung punika kairing gamelan Sekatèn, dumugi sangajeng- ing gapura masjid kèndel. Ajad-dalcem ingkang arupi Gunu- ngan jaler lan èstri cacah 48 iji wau terus kabekta lume- bet ing Masjid Ageng, lajeng kabagé kalih: sabagéan won- ten sisih kidul, sabagéan wonten sisih lèr, dalah sak ancak kodhokipun pisan.

Manawi Pepatih-dalem sampun amasrahaken ajad-dalex pu- nika wau dhumateng abdidalem Bupati Pengulu supados dipun dongani, sarenpungipun laje ig kadhawuhan anbagé ingkang waradin.

Menggah jajaran Canthang-balung punika ingkang angga- dhahi wajib wonten tiyang kalih, inggih punika lumampah ing ngajeng - manggon ing sisih kiwa satunggal, tengen sa- tunggal sinambi jejogèdan kaliyan sirig-sirig, kairing gamelan Sekatèn sak panabuhipun, katobuh mungel turut mar- gi. Canthang-balung punika anggènipun wiwit jejogèdan won- ten ing Sasana Suméwa, lajeng terus lumampah mangandhap medal dhateng alun-alun kaliyan kairing ungeling gamelan Sekatèn. Sadumaginipun kidul Waringin Kurung, ménggok ma- ngilèn ngantos dumugi ngajeng Gaura Masjid Ageng lajeng kèndel. Inggih namung dumugi ingriku lampahipun Centhang- balung. Manawi Gunungan sampun telas lunebet Masjid sada- ya, gangaa kandel (boten katabuh); jajaran Canthangbalung lumampah menggok mangidul, alon-alon medal ing Kori Supit Urang ingkang sisih kilèn, terus wangsul lumebet ing Kara- ton.

Menggah panganggénipun Canthangbelung manawi nuju lam- pah damel anjajari lampahing ajad-dalcm punika kados Wi- rèng utawi Wayang-wong, inggih punika nganggé kuluk pan- jang warni pethak, supados katingal inggil, béda kaliyan sanès-sanèsipun; nganggé cangkeman godhèg wok simbar dha- dha, sumping gajah ngoling mavi gombyok rinoncénan sekar ngalèwèr; badan ngliga tanpa rasukan, namung binorèhan lu- lur blarudan; kempuhipun polèng comeng pethak, nganggé sa- buk èpèk timang, nyangkėlit dhuwung warangka ladreng, sungginganipun ugi polèng, ukir:a Rajamalan, clana panjang pethak, kelat bau gelang kana, zabekta tunbak mawi dipun sukani roncénan sekar melathi kados goabyok ngalèwèr.

Adat ingkang nindakaken lampah danel punika namanipun