Kaca:Babad Solo.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

55

tha walandi), nyangkelit dhurung warangka gayanan kakéwal- aken. Ingkang sampun pangkat Sérsan minggah namung cekap nganggar pedhang, boten manggul hedhil, tatabuhanipun tam- bur kaliyan slomprèt..

Golongan prajurit Keperak Sarageni pengenggenipun sarvi abrit, rasukan sikepan abrit, clana panjang abrit, dodot bathik padhas gempal, kuluk dipun brongsong kain laker a- brit, mavi gembièh tutup kuping kaliyan tutup githok, nyangkelit wedhung, sarta nyangkeli dhurung werangka la- drang capon, tenpa sepatu, sami nanggul bedhil kunc. "bes.. trong".

Ingkang sampun pangkat Lurch minggch namung ngangger pedhang, tatabuhanipun tambur, suling kaliyan slomprèt. Ing dinten Garebeg mapaning barisan wonten sangandhap- ing waringin kurung sisih kidul, sami majeng mangidul. Ba- risan punika sadaya sami manggèn wonten ing alun-alun lèr.

Prajurit Panyutra, ateges Warastra, ingkang dedamelipun sikep jemparing, punika golongan Langentaya (sirèng). Pa- nyutra punika prajurit jajaran utawi pangurung-urung, ing kang celak kaliyan panjenenganing Nata. Menggah cara pa- nganggenipun prasasat kados virèng dharat, inggih punika manganggé udheng/iket blangkon wangun jeplakan, anjebèbèh wingking, nganggé kotang gondhil kesting warni kuning, mavi pita rabadan ijem, rapekan abrit pethak, sabuk cin- dhé mawi èpèk timang, mawi uncal badhong, sumping kelat bau gelang kuningan, saha binggel gelang suku, clana cc- kak ijem wangun panjen-panjen, nganggé sampur abrit pe- thak kanan kering, nyangkelit dhuwung warangka ladrang sunggingan, kapipit wonten ngajeng iring kiwa, anggén- dhong éndhong isi panah salakon, tangan kiwa nyangking gandhéwa, bau lan sukamipun luluran atal kuning, alis-go- dhèg brengos kapidih, sami katingal bagus-bagus kaw. uju- danipun, prasasat kados wayang wong Bambangan nuju luman- pah. Tatabuhanipun kairing gangsa Carabalèn, katabuh gen- dhirgipun Pisangbali..

Abdidalem Kridha Hastama tegesipun badhut - sok di- pun wastani Cethang Palung punika dadcs sagolongan ka- liyan abdidalen Dhalang, Wiyaga, Pasindhèn lan Wiraswara. Ing dinten Garebeg Mukud abdidalen Canthang Balung kuwa jibanipun anjajari lampahing ajad-dalem arupi Gumungan