Kaca:Babad Solo.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

54

Inggih makaten punika wau ingkang kasebat pasowanan a- geng, tegesipun sedaya abdidalen sami kadhawuhan sowan ma- ngagem busana kadhinesan ing Keraton.

Manawi nuju dinten pasow..an ageng, ing pundi-pundi pa- kampungan lajeng katingal sepen.

Golongan abdidalem prajurit jawi/njaba sami nanganggé grutni (saking tembung "Groot Tenue") inggih punike ing- kang ing jaman samangké kasebat Pakaian Upacara Besar : rasukan potongan jas mavi kapasangan pita rabaden, clana mawi setrip abrit, bakulipun rasukan kain sèrsi cemeng, topi pèt ceren dipun setrip pita abrit, mawi kuncung si- kat dhawet putih ingkang kadamel saking bobat, sepatu co- meng, manggul bedhil, nganggar kléwang, saha pelplès (saking "veldfles) wadhah wédang. Punika panganggenipun golongen saradhadhu utawi "soldaten".

Manawi sampun pangkat Letnan minggah, namung nganggar pedhang panjang, topi pèt cemeng dipun setrip rénda pérak ngantos dumugi rénda emas, mavi jambul wulu peksi pethak kumrénbyak ngandhup, èpèk-èpèking tangan sani nawi ka- os tangan putih, tatabuhanipun tanbur slomprèt tuwin mu- sik.

Menggah ingkang dipun golongaken prajurit njaba punika prajurit Jagasura, Jagapraja, Jayasura tuwin Jayataka. Déné ingkang dipun golongaken prajurit njero/lebet inggih punika prajurit Wiratemtuma, Carangastra, Jayengastra tu- win Wanèngastra.

Ingkang Wiratamtama kaliyan Carangastra dados sagolong- an, sami nganggo warni cemeng, rasukan atéle mawi pita ra- badan, clana panjen-panjen, sabuk abrit, èpèk wacucal ce- neng, sinjang parang rojeng, kuluk cemeng gilapan, nyang- kelit dhuwung warangka gayenan, nganggar pedhang manggul bedhil, tanpa sepatu.

Ingkang Jayengastra kagolongaken kaliyan Wanèngastra dados satunggal. Jayèngastra rasukan dalah clananipun warni biru, déné Wanèngastra rasukan dalah clananipun warni ijem.

Sadaya ingkang nama prajurit lebet clananipun cekak penjen-panjen, tanpa sepatu, sinjangipun perang rejeng, sabuk abrit, èpèk wacucal cemeng, timang kuningan, kados cathokan, kuluk cemeng gilapan, mawi nyamat kroon (maku-