Kaca:Babad Solo.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
51

Abdidalem ingkang golongan Hurdenes, wiwit nginggil dumugi pangkat Bekel ngantos pangkat Newu punakawan, sami bebedan, nganggé udheng wangunipun tèmpèn, sami nganggar pedhang suduk, nyangkelit dhuwung warangka ladrang.

Boten kesupèn sadaya abdidalem sami ambekta samir: golongan kasepuhan samiripun kuning kaplisir abrit. Golongan Kadipatèn samiripun kuning mawi plisir biru. Samir punika kadamel saking kain kesting.

Warni corèking bathik ingkang dados larangan inggih punika sadaya bangsaning corèk parang, lèrèng mawi mlinjon.

Sadaya abdidalem ingkang ngayahi tugas wonten ngarsadalem kedah kalung samir. Jaler lan èstri sami kémawon.

Para abdidalem èstri panganggénipun sami tapihan, boten kénging kembenan. Kedah dodotan. Ingkang kanggé dodot ugi sinjang, dados prasasat nganggé sinjang rangkep. Ingkang kanggé dodot punika kanggé lintuning kemben. Ing tengahing dodot dipun ubeti kain sutra kados pending, namanipun udhet.

Boten kénging gelung kondhé, kedah gelung malang mawi lungsen. Ing tengahing gelung mawi kaisénan rajut,ingkang sampun dipun isèni sekar kaliyan rajangan ron pandhan wangi.

Ing lebet Karaton boten kénging saléndhangan. Sesampunipun ucul, rasuken lajeng kabuntel ing saléndhang, kacangking wekdal lumampah dhateng papan pandamelanipun piyambak-piyambak.

Udhet ingkang awarni pethak nandhakaken manawi punika abdidalem pulisi èstri. Manawi udhetipun warni abrit, punika nandhakaken manawi punika abdidalem pangkat Nyai Tumenggung, sami anggadhahi kuwajiban anjagi wonten ing Kori. Panjagènipun Nyai Tumenggung wonten ing Kori Srimanganti, déné pulisi èstri wonten ing Kori Wiwara Kenya, marginipun lumebet dhateng ing Kaputrèn.

Tiyang èstri ingkang sami anggadhahi pandamelan ing Karaton boten kénging nganggé udhet ingkang warni putih kaliyan abrit, sami kadhawuhan pados warni piyambak. Uger boten abrit kaliyan pethak, sabab punika kanggé tetenger kalungguhanipun abdidalem pulisi èstri kaliyan abdidalem. Nyai Tumenggung.

Tumrap laré èstri ingkang dèrèng diwasa namung tapihan