Kaca:Babad Solo.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
41

para putra-dalem, kaliyan reca-reca kajeng ingkang kanggé wadhah tuwuhan manawi ing Keraton kagungan damel, sarta mriyem alit-alit sadhiyan kanggé pakurmatan manawi dinten Garebog.

 Ing sisih wétan saha kilèn tuwin kidul sari wonten gedhongipun, naminipun gedhong Hagasèn, papan kanggé nyimpen dedameling para abdidalem prajurit jangkep sapanganggénipun.

 Ing sawétanipun wonten kori butulan dhateng Pandhapi Gendarasan. Ingriku wonten pawonipun. Saben Bakda mulud tahun Dal Ingkang Sinuwun sakaliyan tedhak dhat ing pawon punika saperlu adang sekul ingkang badhé kagem sidhekah wilujengan Muludan tahun Dal. Ingkang kadhawuhan ngrakit abdidalem nama Kyahi Lurah Gandarasa, ngagem dandang Kyai Dhudha kaliyan Kyai Tambur, panjang piring ageng nama Nyai Blawong dipun isèni sekul. Inggih sekul punika ingkang badhé dipun dumaken dhateng para abdidalem ingkang semi ngalap berkah-dalem.

Kori Gadhungmlathi punika margi kanggé medal saking Pamangunan terus mengidul dumugi Kori Branjanala Kidul, terus anjog ing Siti Inggil Kidul.

 Ing sisih wétan saha sisih kilènipun Siti Inggil Kidul rumiyin wonten lumbung wadhah pantun, kagem sadhiyan manawi mangsa panceklik, kagem mitulungi dhateng para kawula ingkang sami kekirangan tedha, namanipun Lumbung Silajur

IV. ALUN-ALUN KIDUL

Alun-alun Kidul punika alun-alun pungkuran, nanging sajatosipun malah ingkang hama ngajengan, sabab miturut griya Jawi ingkang kanggé ancer-ancer punika adheping griyanipun. Ing mangka Kadhaton Surakarta dalemipun agen Prabasuyasa majeng mangidul, dados ingkang nama Karaton punika inggih majeng ngidul.

{[tab}}Kula aturi maos sejarah pindhahing karaton Surakarta dhateng Surakarta. Kyai Tumenggung Wiraguna dumugi alun-alun pengkeran lajeng nyengkal (ngukur) Masjid Ageng, lajeng Bètèng Kumpeni, dalah sadaya griyanipun Kumpeni sampun rampung.