Kaca:Babad Solo.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
35

Caranipun perang sami numpak kapal/jaran, sami adu kaprigelan ulah dedamel tumbek sarana numpak kapal, pramila griya wau katelah nama Paséban Pakapalan.

Mriyem cacah 3 kapasang wonten sangajenging Pagelaran Sasana Suméwa. Ingkang ageng piyambak wonten wétan, nama Kyahi Pancawura. Punika mriyem iyasan jaman Mataram nalika tahun Jawi 1567 (Masèhi 1645). "Pan-ca-wu-ra" punika cekakipun "PAN-dhita CA-rem WU-ruking RA-tu", sengkalan tahun anggènipun yasa mriyem wau (1567). Mriyem ingkang kapasang wonten ing tengah nama Kyahi Swuhbrastha. Déne mriyem ingkang wonten ing kilèn piyambak nama Kyahi Sagarawana. Mriyem tiga pisan punika sampun sami kapindhah sadaya saking ngajeng Pagelaran, sami kapapanaken wonten sakiwa-tengenging Pagelaran Sasana Suméwa. Inggih punika: Mriyem Kyahi Pancawura kapapanaken wonten ing sawétaning Pagelaran Sasana Suméwa, mriyem Kyahi Swuhbrastha wonten sawétaning Kori Wijil. Mriyem alit nama Kyahi Santri kapasang wonten sakilèning Pagelaran Sasana Suméwa. Titimangsa ingkang kaserat ingriku tahun Jawi 1650 (Masèhi tahun 1725), dados kala ing jaman Kartasura.


II. PASEBAN

Pagelaran Sasana Suméwa ing jaman kina dipun wastani Tratag Rambat, kabekta payonipun taksih saking bethèk, katutupan gedhèg kanggé éyub-éyub. Cagakipun pilar kathah, ngantos pinten-pinten larikan. Ing ngandhap waradin kaurug ing wedhi, dados saged sakéca kanggé lelenggahanipun para abdidalem ingkang sami séba, manawi nuju ing dinten ageng Sang Nata miyos tinangkil.

 Ing jamanipun Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping X Sasana Suméwa kabangun, inggih punika ing tahun Jawi 1843 (utawi Masèhi tahun 1913). Déné wujud wewangunanipun inggih kados ingkang kacetha sapunika, mawi pilar cacah 48 iji, mèngeti kala samanten Ingkang Sinuwun yuswanipun jangkep 48 warsa. Perlu katambahaken, bilih balunganipun Sasana Suméwa punika saking tosan, déné payonipun sèng.