Kaca:Babad Solo.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

31

wétan wonten griyanipun pandhapi ingkang blak-blakan. Punike papan ingkang kanggé tengga para tetiyang ingkang sami ambetahaken sedhekah ulam punika wau. Ugi kenggé pasébanipun para abdidalem ingkang tampi kuwajiban ambagé ulem. Pramila katelah nama Paséban Pamurakan.

Ing alun-alun sisih kidul-kilèn (kaleres sawétaning griya Paséban ingkang kidul piyambak) saha sisih kidul-wétan (kaleres ing sakilèning Bangsal Patalon/Gemelan Setu) sami wonten pathokipun cancangan gajah, namanipun wantilan, kanggé nancang liman titihan-dalem manawi nuju wonten pasowanan ageng kadosta Garebeg Mulud, Garebeg Pasa tuwin Garebeg Besar. Dipangga utawi liman wau dipun praboti saé. Wiwit sirah dumugi rai mawi dipun paèsi. Gajah titihan punika cacahipun kalih; ingkang satunggal kacancong wonten ing wétan, satungalipun ing kilèn. Sami kajagi déning para abdidalem, Srati kanthi amundhi dedamel cis. (tumbak ingkang cendhak, lelandhepipun awangun gantholan).

Ing alun-alun sisih kidul-wétan kapernah sakiduling Bengsal Patalon, wonten konten medal saking alun-alun. Ingriku wonten krangkèng ageng kanggé wadhah nacan, dados lajeng karan kandhang macan. Macan ingkang dipun kurung ing krangkèng punika cariosipun kanggé sadhiyan nanami Ingkang Sinuwun badhé kagungan karsa ngawontenaken aben-abenan (adu-adu) sima kamengsahaken kaliyan maésa. Sima ingkang dipun aben punika limrahipun sima gémbong ingkang ageng. Déné maésanipun inggih dipun pilihaken ingkang ageng sarta: ingkang taksih alasan, dados taksih galak ; dipun wastani Maésadanu. Dados katingal gebag sami purunipun. Ing alun-alun mubeng tepung gelang dipun barisi para abdidalem ingkang sami ambekta dedamel tumbak. Sami mapan anggolong-golong miturut kabupatènipun piyambak-piyambak, inggih punika miturut griya-griya pasébenipun para bupati golongan kiwa lan tengen. Ingkeng golongan kiwa inggih manggèn wonten sisih kiwa; makaten ugi ingkang golongan tengen inggih menggèn vontcn sisih tengen.

Wontenipun aben-abenan punika namung saperlu kanggé andadar dhateng kekendelanipun para abdidalem saha para prajuriting Kraton, saha ngiras kanggé naliti dhateng kaampuhaning sanjata dedamel tumbak.