Kaca:Babad Solo.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

30


KAWONTENANING KARATON SURAKARTA
(WIWIT SAKING LER DUMUGI KIDUL)


I. GAPURA GLADHAG TUWIN ALUN-ALUN LER

Gapura Geladhag punika margi wiwitanipun badhélumebet dhateng alun-alun lèr. Wontenipun ngantos anama Galadhag miturut cariosipun makaten.

Kaleres sak lèr-kilèning Galadhag wonten pakampungan ingkang nama Krapyak, satunggaling papan kanggè ngurung kéwan-kéwan ingkang asalipun saking anggènipun ambebedhag ing wana-wana. Kéwan-kéwan punika taksih sami giras sadaya, boten tutut dhateng tiyang. Sadaya kéwan ingkang dipun kurung ing Krapyak punika namung sedhiyan kanggé belèhan kémawon manawi sawanci-wanci ing Karaton wonten kaperluan.

Menggah cara pamendheting kéwan-kéwan punika sarana sami dipun jiret dhadhung, lajeng dipun glandhang dhateng ing Galadhag. Tiyang kathah sami mastani "kéwané padha digladhag". Pramila gapura utawi kori wau katelah karan kori Gadladhag.

Kéwan-kéwan ingkang badhé dipun sembelèhi punika sami dipun kempalaken ingriku rumiyin. Limrahipun kéwan ingkang kanggé belèhan punika kadosta : kidang, menjangan, sapi alasan (banthèng), maésa alasan. Kéwan-kéwan punika dipun pragati ing sakiwa-tengening kori Galadhag punika. Manawi sampun pejah, ulanipun lajeng dipun purak, manggèn wonten ing Kori Pamurakan, kalandhesan ing séla ingkang sampun sumadhiya; wonten ing sisih wétan satunggal, ing sisih kilèn satunggal. Ulanipun lajeng kabagé, kawradinaken dhateng para abdi kaliyan para kawuladalem ingkang pekir miskin, minangka sedhekah.

Ing sakiwa-tengening kori Pamurakan, sisih kilèn saha