Kaca:Babad Solo.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
29

tanah Jawa (Oppergezaghebber van Java's Oostkust).

Nalika wilayah pesisir wétan iki dadi wilayah Gubernemen Landa tanggal 24 Pebruari 1748. Van Hohendorff kawisudha dadi Gupernur lan Direktur wilayah kasebut.

Bareng wis sawatara suwéné tahun 1749 Sri Susuhunan Paku Buwana II gerah lan wis angèl anggoné ngusadani. Krungu kaya mangkono mau Van Hohendorff menyang Surakarta, lan nalika tanggal 11 Desember 1749 ana ing sangarepé Van Hohendorff napak-asmani sawijing akte, kang mratélakaké manawa Ingkang Sinuwun masrahaké tanpa sarat Krajan Mantaram wutuh marang Kumpeni. Sangang dina bakda iku Sri Susuhunan Paku Buwana II séda. Kang gumanti Sri Susuhunan Paku Buwana kaping III.



---oo0oo---