Kaca:Babad Solo.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
28
  • LAYANG GUPERNUR JENDRAL

Bareng pilihan wis tiba SALA, lan wis kalapuraké ingarsané Ingkang Sinuwun, miturut cathetané Elzo Sterrenberg nerangaké manawa dhèwéké matur ingarsa kepingin ninjo Kali Sala bareng karo Résidèn (Van Hohendorff), papan kang bakal kanggo kraton anyar. (De Jonge, X, kaca 42).

Ing layangé Gupernur Jéndral Gustaff Willem VAN IMHOFF katur Heeren XVII tanggal 31 Desember 1745 tinulis manawa ing taun iku Sri Susuhunan "sibuk" nata dalemé kang anyar, bètèng Kumpeni saka watu kang wis mèh rampung, lan manawa kutha krajan anyar mau déning Ingkang Sinuwun kaparingan nama "HING SURACARTA ADININGRAT".

Pindhahé Sri Susuhunan ing kraton anyar mau wis disarujuki Kumpeni, nanging durung bisa kaleksanaan jalaran kapétung durung rampung kabèh.

Tanggal 17 Pebruari 1746 Sri Susuhunan Paku Buwana II wis lenggah ing kratondalem kang anyar. Pindahé kraton iki dicritakaké kanthi éndah banget déning pujangga gedhé Radèn Ngabehi YASADIPURA.

  • SURAKARTA - KARTASURA - JAKARTA - JAYAKARTA

Bab jenengé kraton loro mau bisa kaaturaké, manawa ahli sejarah bangsa Landa J. Brandes tau mratélakaké manawa ana ing jeneng KARTASURA lan SURAKARTA, kang dumadi saka rong tembung KARTA utawa KERTA kang ngélingaké kita marang kraton Mantaram kang kalok kajana priya : SULTAN AGUNG HANYAKRAKUSUMA. Brandes mratélakaké mbokmenawa pancèn diilhami saka kuwi. Brandes nambahi manawa jeneng loro mau kena pangaribawa saka JAYAKARTA utawa JAKARTA kang dikuwasani Kumpeni, kang saya suwé saya mumbul jenenegé. JAYAKARTA terkadhang sok diarani SURAKARTA. Pilihan iki ORA ateges pakurmatan marang Kumpeni, nanging katon manawa ana pangangkah: ing bésuk kraton anyar mau bisaa padha utawa bisa nimbangi kemenangané Landa wektu semana.

Tahun 1747 Elzo Starrenberg ditimbali mulih déning pamaréntahé, sarta dibébasaké saka tugasé, yaiku nyekel panguwasa Kumpeni kang dhuwur dhéwé ing pasisir wétan.