Kaca:Babad Solo.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
27

Ingkang Sinuwun nyarujuki, lan banjur dhawuh supaya Van Hohendorff sasambungan rembug karo Pepatihdalem PRINGGALAYA lan SINDUREJA. Telu-teluné banjur rembugan, papan ngendi kang cocog kanggo kutha krajan.

Calon papan kang sinebut : tlatah/daerah POKAK ing kidul, daerah sakiwa-tengené PENGGING ing sisih kulon, lan KEDHINDHING kang dununge ana ing lor ngadhepaké kali Pépé. Mayor ora sarujuk manawa kraton pindhah mangétan. Wusanané narapraja telu mau gembleng panemuné ésuké ninjo daérah Kartasura sakiwa-tengené.

Nalika padha ngaso ana sangisoring wit kang édhum ing désa SALA, Mayor usul beciké ana SALA baé,jalaran gampang anggoné nekakaké kayu jati saka alas kidul; ora kurang tenaga kang nandangi, lan manèh ora kuwatir kekurangan beras sabab cedhak karo Panaraga. Lan manawa Ingkang Sinuwun kagungan kersa ngirim utusan menyang Gresik lan Surabaya bisa metu kali gedhé.

Patih loro-loroné ORA SARUJUK jalaran Sala dunungé cendhék banget, yèn udan mesthi kaleban banyu. Nanging Mayor tetep ngukuhi panemuné. Bisa dimangertèni sikepé Mayor iki, jalaran Sala pancèn dumunung sapinggiring kali gedhé, stratégis banget, lan gampang yèn ta ditekani saka pesisir manawa kapeksa.

Kadadéyan iki ana ing sasi kurang luwih September 1744 Masèhi, sabab miturut Babad nalika iku Van Hohendorff lagi baé bali saka Jakarta lan wis apangkat Mayor. Nalika sowan ing ngarsadalem, Ingkang Sinuwun lagi mentas nampi tamu Kumendhur saka Semarang (Elzo Sterrenberg) kang ngrembug bab-bab kang magepokan karo perjanjian kang ditapak-asmani Ingkang Sinuwun lan Kumpeni setaun sadurungé, yaiku tanggal 11 November 1743. Saka cathetané Elzo Sterrenberg bisa dimangertèni manawa tekané ing Kartasura nalika wulan September 1744. Kita mangerti manawa isining prajanjéan mau gawé kapintunané Sri Susuhunan lan gawé bathiné Kumpeni.

Mungguh pangkaté Van Hohendorff 26 November 1743,dadi 15 dina bakda prajanjéan kasebut. Ing layang kekancingan mau kapacak yèn Van Hohendorff pangkaté munggah Mayor, saka gedhé lelabuhané sarta tindak tanduké kang becik.