Kaca:Babad Solo.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
26

Panjenengané banjur ngutus TUMENGGUNG PRINGGALAYA, TUMENGGUNG SINDUREJA lan VAN HOHENDORFF nggolèki papan kang pantes didegi karaton sarta kutha krajané.

Ing "Babad Kartasura" kang anyritakaké kahanan sabakdané gègèr Pacinan, nyebutaké manawa Van Hohendorff kang samengko wis apangkat Mayor iku niliki bali saka Jakarta isih kèlingan ngandikadalem Sri Susuhunan Paku Buwana II manawa arsa mindhah karaton kang wis rusak mau : ".... ya ta tan alami tuan Mayor praptanira saking nagari Betawiné nanging sampun ngalih nama tuwan Mayor semana taksih ènget jroning kalbu ing pangandika Sang Nata dènnya ngandika narpati kala Mayor praptanira saking nagri Ngayogyané ambedhah ing Randhulawang taksih nama Kumandhan pangandikanya Sang Prabu anyela ing puranira panyelané mring kang puri déné wus tanpa laksanadi dhingin binedhah Cinané kapindho wis ngicak-icak déné tyang Madura ...."

Nalika Van Hohendorff ana ing Betawi nglapuraké marang Gupernur Jéndral lan Raad van Indië, kang mènèhi panguwasa marang Van Hohendorff supaya anggarap bab iki: "..... tuwan jéndral delingira lan para Raad panindya pan sami rembug percayèng mring Mayor sira mangsa bodhoa sirèki Mayor nggènnya karya harja mring panjenengan saka Katong miwah harjaning kang praja tanah Jawa sadaya ....."

Bareng bali menyang Kartasura, Van Hohendorff banjur sowan ing ngarsadalem, aturé:"..... Sanpun dados galih Katong kula ngaturi rembag yén sembada luhung ing ngalih tumuli saking tanah Kartasura wus kacetha awoné dhateng ing panduka Nata ....."

Nalika iku Ingkang Sinuwun lagi sengkel ing panggalih, sabab mentas disowani Kumendhur saka Semarang kang ngrembug kaleksanané panyuwuné Kumpeni kang gawé kapitunané krajan Mataram. Mula nalika panjenganané midhanget aturé Van Hohendorff kejot banget. kanthi rada jibeg panggalihé ngandika: "Wruhanira durung mikir kang mangkono saking akéh susah ingwang, pirang bara ing bénjing sedheng réréh manah pasthi ingsun arah-arah."

Nanging Mayor mbujuk lan meksa, jalaran wis kebacut lapur Betawi: manawa nganti kraton ora sida pindhah, Van Hohendorff mesthi dikethok guluné, mangkono aturé.