Kaca:Babad Solo.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
24
  • TELIK SANDI SAJRONING KARATON

Walanda ing Semarang saya suwé saya ora tentrem atiné, mangka bantuan saka Jakarta ora teka-teka. Wusanané Walanda Semarang mau njaluk pambiyantuné PANGERAN CAKRANINGRAT saka Sampang, tanpa nunggu idin saka Betawi. Pangéran saka Madura iki pancèn wis sawatara suwéné kapingin mbaléla, misah saka Mataram, ngadegaké karajan dhéwé ing tanah Jawa sisih Wétan. Bibit ora seneng iki dipigunakaké Walanda kanggo adu-adu antarané Sampang lan Kartasura.

Pangéran Cakraningrat saguh ambiyantu, waton olèh misah saka Kartasura. Sawatara dhaérah Jawa Wétan (Gresik lan Lamongan) direbut Cakraningrat. Nanging Kumpeni meneng baé.

Sri Susuhunan Paku Buwana II kuwatir, wusanané mundhut pambiyantuné Kumpeni, lan saguh nyambut gawé bebarengan (kerja sama), waton Pangéran Madura mau dicegah kakarepané. Kalodhangan iki déning Kumpeni dipigunakaké kanthi becik. Mulané nalika duta saka Kartasura TUMENGGUNG TIRTAWIGUNA kautus menyang Semarang mundhut pambiyuntuné Kumpeni, para Komisaris Walanda nuruti pamundhuté Sri Susuhunan. Kaptèn Joan Andies VAN HOHENDORFF dikirim menyang Kartasura. Kang andhampingi vaandrig jenengé HOGEWITZ, asistèn TOUTLENONDE kang pinter basa Jawa, sawatara serdhadhu lan kopral siji.

VAN HOHENDORFF kajaba tugasé andhampingi ngarsadalem uga kajibah dadi telik sandi ing sajroning Kadhaton. Opsir Kumpeni iki uga nampa dhawuh saka pemimpiné supaya golèk katrangan sapira sesambungané Patih Kartasura TUMENGGUNG NATAKUSUMA karo wong-wong Cina, lan apa pepatihdalem iki nampi kapitayan tenan saka Ingkang Sinuwun. Kajaba iku uga nampa tugas naliti sapa garwané Sri Susuhunan kang ditresnani piyambak, lan apa putri iki bisa dadi sumbering kabar kanggo ambiyantu Walanda.

Tekané Hohendorff ing Kartasura sasi Maret 1742. Kaptèn Kumpeni iki banjur bisa caket karo ngarsadalem, mbokmanawa jalaran saka tekané ameneri Sang Prabu lagi bingung lan wedi. Para narapraja kasetyané angèl dipercaya. Ing kahanan héra-héru iku angèl netepaké mungsuh apa kanca.

  • CAKRANINGRAT NGGEPUK KARTASURA

Nagara saya gendra, jalaran Cina menang lan ngangkat Sunan