Kaca:Babad Solo.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
23
  • WANAKARTA DADI KARTASURA HADININGRAT

Sri Susuhunan maringi keputusan pindhah Karaton menyang papan liyané. Alas Wanakarta ing tlatah/dhaérah Pajang kang kapilih, sawisé rembugan karo para narapraja. Wanakarta jenené anyar KARTASURA HADININGRAT. Kang sesambungan karo pindhahing Karaton ini ing "Babad Tanah Jawi" nangkéné uniné: "Sang Prabu inggih sampun bidhal saking Semarang lan sabalanipun sadaya tuwin Amral sakumpeninipun. Lampahipun sang Prabu sampun dumugi ing Wanakarta, lajeng angedhaton, pinuju ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 27 wulan Ruwah ing taun Alip angka 1603. Ing Wanakarta kaelih namanipun, kanamakaken nagari KARTASURA HADININGRAT."

J. BRANDES ing tulisané kang asesirah "Yogyakarta", kapacak ing T.B.G (=Tjidschrift Bataviaasch Genootschap van kunsten en wetenschappen) jilid XXXVII mratélakaké manawa tanggal kang kasebut ing dhuwur beneré tanggal 16 Ruwah, adhedhasar pétungan manawa dina Rebo Pon ing sasi Ruwah taun kuwi tiba tanggal 16 utawa Rebo tanggal 11 September tahun 1680. Kedhaton iki madegé kira-kira wis ana 66 tahun (1680 tumeka 1746 Masèhi). Nalika samana kang jumeneng ing karajan trah Mantaram Sri Susuhunan Paku Buwana II, uga katelah karan SUNAN KOMBUL. Nalika jaman iki ana gègèr Cina kang sumberé ing Jakarta, kang wusanané warata satanah Jawa.

Pecahing prang kawiwitan saka Kumpeni mrajaya wong-wong Cina ing Betawi. Kang bisa slamet saka pangepunging Kumpeni mlayu menyang Jawa-Tengah. luwih-luwih ing kutha-kutha pesisir lor padha kumpul karo kanca-kancané. Ing kutha Jepara, Demak, Juwana, Rembang, Tegal, Semarang, tekan Surabaya kerep ana pacampuhan antarané Cina lan Kumpeni.

Semarang dikepung Cina. Kartasura pra tentrem. Anti Kumpeni tekan sajroning Karaton, kang wusananne saya andadra, nalika komandhan garnisum Kumpeni Van Velsen diprejaya mati jalaran saka tindak-tindaké kang anggugu karepé dhéwé lan daksia. Prastawa iki nalika tanggal 10 Juli 1741.