23
Miturut Sumber Sanes Jawi
Miturut kapercayan kuna ing tanah Jawa, sawijining ka- raton kang dadi pusaring keagunganing karajon dirusak uta- wa dijègi déning mungsuh, kudu mbangun karaton anyar ma- nèh.
Nalika Sri Susuhunan MANGKURAT I (TEGALWANGI) lolos sa- ka Karaton Plèrèd jalaran kinepung lan digecik Trunajaya, Ingkang Sinuwun ngandika "sampun sunerep ing papesthèning Allah yèn nagari Mataram sirna, panjenenganing ratu sar- ta jangkep satus taun Karaton Mataram, Sang Prabu punika jumeneng ratu pungkasan (Babad Hoinsma).
Ingkang Sinuwun séda nalika tindakan ana ing Tegalwangi, kutha cilik sakidulé Tegal. Sadurungé Ingkang Sinuwun Mang- kurat I puput yuswa, pusaka-pusaka lambang kaagungan ing Karaton kapsrahaké marang Pangéran Adipati Anom, kang gu- manti Nata jejuluk Sri Susuhunan Mangkurat II ing Kartasu- ra. Trunjaya ditelukaké kanthi pambiyantuné Kumpeni kang dipandhégani déning CORNELIS SPEELMAN. Karajan Mantaram kang bisa direbut saka tangané Trunajaya dicaosaké bali ing ngarsané Sri Susuhunan Mangkurat II, kang tumuli kon- dur manèh menyang Plèrèd.
Nanging Karaton Plèrèd wis rusak banget, ora kopèn. Pa- tamnané tuwuh alang-alang. JAKOB COUPER panggedhéné Kum- peni ing Jepara tau nulis "Kutha Karajan Mantaram katoné kaya alas bebondhotan, ora mantra-mantra pusering Pama- rintahan ....." (De Jonge, VII).