Kaca:Babad Solo.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
21

papan wau dados ledhok. Sareng mangsa rendhengen kisènan toya jawah, lajeng katingal dados rawa. nDilalahipun ing ngriku lajeng sami kathululan lumbu, bangsaning sénthé, ngantos ngebaki papan ingkang ledhok wau. Papan wau lajeng katingal kados ngedhung; papan wau lajeng karan KAMPUNG KEDHUNGLUMBU, awit dados kedhunging wit lumbu.

 Déné papan ing KADIPALA (TALAWANGI) dipun dhudhuk, kapendhet sitinipun ingkang wangi kanggé angurus Kedhaton. Déné ingkang kanggé angurug Pandhapi mendhet siti ing kratonan; ngantos dumugi sapriki papan wau katelah dados karan KAMPUNG KRATONAN.

 Kunarpanipun Raden Pabélan ingkang sampun kakubur ing sakilèning dhusun Sala, lanjeng dados karan KYAHI BATHANG, déné papan sakiwa-tengenipun ngriku lajeng karan dados KANJENG BATHANGAN, kaleres sak elèr-wétaning alun-alun lèr, inggih sak olèring kampung Kedhunglumbu.

 Papan pernahipun griyanipun Ki Gedhé Sala III leresipun wonten ing Sitinggil sapunika. Ki Gedhé Sala III sareng sampun tilar donya lajeng dipun kubur wonten ing sakidulipun kampung Kedhunglumbu. Kuburanipun sapunika kalebet wonten ing wewengkon salebeting baluwarti Karaton, kaleres wonten sawétaning dalem Mlayakusuman.

 Kacariyos, sareng sampun rampung panggaraping Kadhaton dalah sawewengkoning Karatonipun, Ingkang Sinuwun lajeng karsa pindhah saking Karaton KARTASURA dhateng ing dhusun SALA. Nama dhusun Sala lajeng dipun gantos nama Nagari SURAKARTA HADININGRAT ing tahun 1745 Masèhi. Déné nama KARTASURA HADININGRAT lajeng kapundhut wangsul, kawangsulaken namanipun lami, inggih punika WANAKARTA.

 Dhusun Sala ingkang sampun dados Kitha Nagari Surakarta punika miturut wecanipun para Nujum, sanajan ringkih, nanging boten saged risak ing salami-laminipun. Saya dangu malah saya andados rejaning kitha wau, ngantos ngelar melar-melar ambalabar tambah wiyaripun.

―oOo―