Kaca:Babad Solo.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
20

pindhah saking Sangkrah, nanggèn wonten sakidul-kilèning kuburan Kyahi Bathang. (Ing sapunika sampun dados Sitinggil Karaton Surakarta).

 Ingkang Sinuwun Paku Buwana II anggènipun mindhah karaton saking Kartasura dhateng dhusun Sala punika kathah ragadipun, awit kajawi numbas papanipun Ki Gedhé Sala, ugi kaliyan nambahi pasangonipun bedhol désa tetiyang ingkang sami gegriya ngindhung magarsari dhateng Ki Gedhé Sala, ingkang dados sesepuhipun dhusur ngriku.

  Ing suwau tetiyang ingriku sami ngawontenaken dredah usreg ramé, jalaran sami katundhung saking papan ngriku. Tiyang-tiyang wau dipun paringi kajeng balok glondhongan kathah minangka lintuning griya-griyanipun, nanging sami boten purun nampi, sabab sami boten gadhah arta kanggé ongkos mecah balok-balok glondhongan ingkang badhé kanggé calon balunganing griya. Pambagéning arta Ki Gedhé Sala kanggé pesangoning bedhol désa boten nyekapi, pramila tetiyang wau sami kawedal ginemipun ingkang boten sakéca kamirengan ingakathah. Ginemipun sami gléndra-gléndré kados GODHONG LUMBU katiban banyu, anggatoli kuping. Ki Gedhé Sala ngantos kewalahan.

 Ing wasana kanggé nyirep dredah wau ing wanci dalu Ingkang Sinuwun lajeng rawuh, maringi arta kanggé tambahan sacekapipun. Suwanten ingkang anggatelaken kuping, ingkang dados kembang lambé ingkang kirang prayogi wau, lajeng sirep. Tetiyang wau sadaya lajeng sami késah sesarengan ngantos resik. Panggaraping Karaton lajeng tumunten kawiwitan.

 Ing serat "Sri Radya Laksuna” kacariosaken GODHONG LUMBU kanggé sarat kacemplungaken ing telenging rawa ingkang medal toyanipun. Godhong Lumbu punika manawi kénging toya kalis. Manawi katètèsan toya glondar-glandir (gléndra-gléndré). Manawi dipun kela dados jangan lumbu éca raosipun nanging sok cumlekit, anggateli dhateng tenggorokan. Inggih punika wujudipun rembagipun Ki Gedhé Sala nalika ambagé ngedum arta pesangon dhateng tetiyang wau boten saged nyekapi, ing wasana andadosaken derdah, ingkang boten sakéca kamirengaken ingakathah.

 Kacariyos, sareng sampun miwiti panggaraping Karaton, papan ingkang sampun suwung wau lajeng dipun dhudhuk, kapendhet sitinipun kanggé angurug Sitinggil. Déné tilasipun