Kaca:Babad Solo.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
19

para narapraja, sami kadhawuhan nitik pasitèn ingkeng prayogi kanggé pindhahing Karaton saking Kartasura. Ing wasana ingkang sami kautus wau sami mrayogèkaken kapindhah dhateng ing dhusun Sala, sabab dhusun Sala sampun nama pasitèn dados, sampun mapan, dipun dunungi ing tiyang ngantos tigang jaman, langkung saking 160 tahun.

 Namung wonten karépotanipun sakedhik ingkang awrat, inggih punika kados pundi sagedipun mindhah tetiyung ingkang sampun sami ngoyod anjrak gegriya wonten ing dhusun Sala lan kedah saged naringi papan ingkang prayogi tumarep tetiyang punika minangka kanggé lintunipun papan ingkang badhé kagem Karaton, katambah waragad kanggé ongkos bedhol dhusun. Dados manawi wonten ingkang nyariosakeun manawi dhusun Sala nalika samanten TAKSIH WUJUD WANA AGENG ingkang anjejembeg kathah rawanipun, punika boten leres.

 Nalika jaman Kartasura Akhir punika sesepuhipun dhusun Sala punika Ki Gedhé Sala kaping III.

 Menggah carios bab panitiking pasitèn ingkang calon kagem Karaton punika cekakipun makaten :

 - Dhusun TALAWANGI (KADIPALA). Papan ngriku saged angsal titik panitèn ingkang saé, kacarios sitinipun wangi. Hanging boten cekap ukurananipun kanggé nagari, sawenganipun kirang bawéra. Kathah gumuk-gumuk ingkang pating pandhukul ingkang kirang prayogi kagem Karaton; énggal risak.

 - Dhusun SALA saé kagem calon Karaton, saged angsal ukuraning nagari, sabab saged angsal pasitèn ingkang sampun dados, inggih punika pasitèn ingkang sampun dipun dunungi kanggé gegriya tiyang kathah, sarta sampun dados dhusun ingkang ngrembaka lan reja; dados sungaparing tiyang pados sandhang tedha. Kajawi punika dhusun Sala punika celak lèpèn ageng ingkang dados margining para sudagar nangkoda dagang layar saking Gresik lan Surabaya, ingkang sami lelayar medal turut lèpèn ageng wau. Wiwit saking BETON dumugi ing NUSUPAN dados bandar palabuhan ageng; kasembuh ing sakilèning dhusun Sala dados patirakaten ageng, ingkang ugi dados sumbering tiyang pados pengupa-jiwa. Wosipun, tetiyang wau anggènipun sami gegriya wonten ingriku sampun ngoyod ;an sampun gesang bebrenahen.

  Nalika samanten griyanipun Ki Gedhé Sala III sampun