Kaca:Babad Solo.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
17

 Mangké wau kasangsang ing sangkrah baronganing deling ori, lajeng kèndel boten saged kéntir ing toya. Nalika samanten Ki Gedhe Sala ing wanci sonten dhateng ing kali badhé adus. Sareng sampun nyemplung sumerep wonten wangkéning tiyang kèli, ingkang kèndel kasangsang wonten ing sangkral baronganing deling ori. Ki Gedhé lajeng pados gèntèr. Bangké wau lajeng dipun grèthèl ing gèntèr, kasodhongaken dhateng panggéran ingkang santer toyanipun, supados énggal saged kéntir ing toya ingkang santer ilinipun.

 Enjingipun wangké wau wangsul malih dhateng papanipun lami, pramila dipun sodhongaken malih dhateng toya ingkang santer. Nanging ngantos rambah kaping tiga tansah wongsal wangsul kémawon. Ki Gedhé Sala ngantos kaweken ing galih. Ing batos ngantos ngucap makaten: "E baya duwé karep apa bangké iki kok ora gelem dikèlèkaké sangka kéné." Makaten ucaping batosipun Ki Gedhé.

 Kacarios sareng wanci dalu pun bangké wau lajeng mangsit dhateng Ki Gedhé :

"lièh Kyahi, ingsun iki aja sira siya-siya. Becik opènana. Pendhemen ana sakuloné désamu iki, amarga karamat ingsun ana sajroning nagara agung, karta raharja, salawasé ora kena kabedhah ing mungsuh."

Ki Gedhé sareng tampi suraosing wangsit punika, lajeng dipun èstekaken. Kunarpa lajeng dipun rukti kanthi saé, dipun pirantosi jangkep kados cara punapa mesthinipun tiyang kasripahan. Kunarpa lajeng kaangkataken kanthi kairing layadan. Sareng sampun dumugi ing papan ingkang sampun katemtakaken muturut pamilihipun dhawuhing wangsit, lajeng dipun kubur kanthi pekurmatan saé.

 Kacarios, sareng sampun tigang tahunan laminipun, saben malem Jumuwah Kliwon tuwin malem Anggara Kasih kuburan wau katingal murub amadhangi dhusun Sala. Punika damel kagèting tiyang sadhusun. Pramila lajeng dipun pepetri minangka dados pepundhènipun tiyang kathah. Sasana lajeng dados papan patirakan. Tiyang ingkang nembé kataman kasisahan sami nyenyuwun, nyuwun idi luwaring sungkawa; wasana sami saged kasembadan manggih suka raharja. Sambet-sinambeting wartos punika dumugi ing dhusun ingadhusun ngantos dumugi ing tanah pasisiran, andadosaken