Kaca:Babad Solo.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
14
Lajeng nyengkal Masjid Ageng, nyengkal Bètèng Kumpeni, sadaya pasanggrahipun Kumpeni Walandi sampun mirantos. Ing mangké Uprupan ing Suranaran, wétan alun-alun. Masjid Ageng lajeng dipun tarubi, saben Jumuwah kadamel sembahyang. Bibar Jumuwah Ingkang Sinuhun lajeng angedhaton.

Dalem bektan saking Kartasura adegipun sapunika pernah ing Genthan lèr, sapunikanipun dalem Mangkubumèn jawi. ingkang sami tinangkil lajeng sami bibaran, ing pasanggrahanipun sowang-sowang.

Yèn dalu para Bupati asuka-suka nabuh gamelan; yèn siyang ing loji biola ramé, wiwit jam 6 énjing nyambut damel; jam 11 kèndel; jam 3 bibaran. Salaminipun tumindaking damel kaselan ing wekdal sembahyang. Pepatih-dalem kekalih sami giliran tengga Ingkang Sinuwun utawi anenggani pandamelan; dalah Bupati ugi giliran tugur angubengi bethèk. Saben dinten manawi dalu Bedhayan utawi Ringgitan wacucal; manawi siyang Topèngan.

Ingksang Sinuwun iyasa dalem PANEPÈN alit payon atep, ing mangké pernahipun wonten ing Balékambang, inggih punika Tamanan Bandengan.

Kyahi Tumenggung Wiraguna saben dinten tansah anyepengi cengkal, nama cengkal BALADEWA. Menggah pandamelipun cengkal panjangipun ingkang kaukur "thur"-ipun turas-dalem Ingkang Sinuwun Prabu Ing Ngalaga; anggènipun turas agem kagungan-dalem kaadegaken.

Makaten menggah ing bab cariosipun pindhahing KARATON KARTASURA dhateng ing SURAKARTA. Ing wasana sumangga.

(Miturut Serat SRI RADYA LAKSANA)



---oo0oo---