Kaca:Babad Solo.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kari tunggu ater-ater keprak. Yèn keprak wis mani, jogèdé lagi wiwit kumbrémbyah miturut iramaning gendhing. Mangkono nganti sarampungé miturut dewa cendhaking gendhinge.

Jogèd Gambyong kang genep iku suwéning panjogèdé nganti ana 20 menitan; lan uga sok nganti 25 menit. Dadi mèh setengah jam Lagi rampung.

Nalika tahun 1930-an Talèdhèk Gambyong ing Sala kang becik jogèdé, lan kondheng kerep olèh tanggapan, urané NYI WARALASMI (Sadinah) lan NYI WARAKANYA. Wong loro iku padha olèh wulagané para empu jogèd ing Surakarta. Nyi Waralasmi iku muridé Raden Djagaharyana (Djagamataya), déné Nyi Warakanya iku muridé Radèn Bekel Wiyaga-ambeksa.

Mangkono mau mungguh larah-larahé utawa mula bukané ana jogèd talédhék barangan kang arané Si Gamnyong banjur dadi jenengé JOGED GAMBYONG. Ing wasana sumangga.



---o0o---