Kaca:Babad Solo.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
12

tosan, prunggu, Kuningan, timbel, sami bobot satail sadaya (1 tail= 38 gram). Sarta sajèn urip-uripan sampun sumaji sapanggènan.

Déné Kyahi Pangulu salah para ketib, para alim kaji sapamunggilanipun, sadaya wau sami ngaos sedinten sedalu wonten salabeting pura.

Enjingipun Ingkang Sinuwun lajeng bidhal pindah nagari. Tuwan Mayor Baron ven Hohendorff Saha Kumpeni lumampah ingajeng. Kumpeni sekawan bregada. Ingkang Sinuwun ngrasuk busana mangagem basahan, nitih titihan-dalem karéta Kangjeng Kyahi Garudha.

Déné tatanan lampah-lampahipun: Ingkang ngajeng piyambak kagungan-dalem WARINGIN sawatawis angengipun - sakembaran; lajeng kagungan-dalem BANGSAL PANGRAWIT kausung wetah; kagungan-dalem LIMAH kekalih; lajeng WARINGIN malih sakembaran ingkang badhé katanem wonten ing kagungan-dalem alun-alun kidul; lajeng sadaya kagungan-dalem TURANGGA (jaran).

Lajeng para Bupati, lajeng Adipati Pringgalaya, Adipati Windureja, Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Anom nitih turangga jèjèr kaliyan tuwan Mayor Beron van Hohendorff, lajeng pengulu, Mardiken, juru Suranata ngajeng rakitan ambekta BEDHUG; para kabayan ngampil CENGKAL (ukur) nama Kyahi Baladéwa.

Titihan-dalem ginarebeg abdidalem Kaparak kiwa-tengen; ingkang nongsongi Bupati keparak kiwa-tengen, Upacara dalem sadaya; Bupati Gedhong kiwa-tengen anjajari Joli jembrana. Ing wingking para PRAMESWARI garwa-dalem saupacaranipun, tuwin para pawèstri sadaya sababektenipun, lajeng asambet PUSAKA windhahan ing gendhaga sinongsongan; ing wingking Wadya pesisir mancanagari.

Saurutipun margi ingkang sisih tengen katataman kagungan-dalem gangsa CARABALEN dalah gangsa KODHOKNGOREK saka gangsa kagunganipun para Bupati sami mungel sadaya.

Badhé prenahing PAGELARAN sampun dipun tarubi asri; ing ngarsa-dalem ambengan warna-warni; keagungan-dalem GANGSAL PANGRAWIT lajeng kaetrapaken. Sarawuh-dalem Ingkang Sinuwun lajeng tedhak saking karéta, lenggah ing Gangsal Pangrawit.

Para garwa saha para putra ingkang taksih timur saha wadya èstri sami anjujug ing dalem wewangunan.