Kaca:Babad Solo.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
11

nunggilanipun; 3) kagungan-dalem pitik iwèn sapanunggilanipun; 4) kagungan-dalem kéwan suku sekawan; 5) kagungan-dalem bekakas. Déné kagungan-dalem rajabrana tuwin arta sareng kaliyan Ingkang Sinuwun.

Kacarios Praja énggal karengga asri raras: saben konten kandèkèkan krun (gapuran) karengga ing sesekaran; tuwin margi prasekawanan sami kandèkèkan plengkung pandam sèwu (dilah sèwu); umbul-umbul daludag bandéra urut margi; saben sa-onjotan dipun dèdèki turub wawangunan mawi tutuwuhan sarta suréndra angrangin (gamelan munya ngrangin). Ingriku uparengganing Kadhaton sapamunggilanipun Sarwa amepeki, miwah balé-balé sungkep sauparengganipun sadaya.

Déné warninipun sajèn: gecok kecapa, bekakak ulam, deling sadhapur, penyon sunglon sapamunggilanipun, sarta robyongan: 1) robyong Sekar, 2) robyong pradapa, 3) robyong kinang, 4) rokok robyong, 5) robyong konyoh.

Déné warnining tumpeng: 1) tumpeng megana, 2) tumpeng Jenita, 3) tumpeng urubing damar, 4) tumpeng sasrah, 5) tumpeng rawoh, 6) tumpeng rajekan, 7) tumpeng Rukmi, 8) tumpeng lulur, 9) tumpeng lulus, 10) tumpeng giling, sarta jajanganan warni-warni.

Déné ulam-ulamanipun: ulam Tawang (bangsaning manuk), ulam loh (ulam Toya), ulam dharatan (bangsaning wedhus, sapi, kebo).

Déné warnining jenang: 1) jenang abrit, 2) jenang pethak, 3) jenang salaka, 4) jenang manggul, 5) jenang timbul, 6) jenang grendul, 7) jenang sungsun, 8) jenang lahan, 9) jenang pathi, 10) jenang kalondhing ringan, 11) jenang ngangrang, 12) jenang dodol, 13) jenang taning, 14) jenang lemu, 15) jenang koloh.

Jadah, wajik, pondhoh, pudhak, ketru mancawarna sarta palakirna, pala gumuntung, pala kasimpar, pala kapendhem, pala adeg.

Sawijining tigan: tigan ayam, tigan kambangan, tigan peksi, tigan mina sapanunggilanipun.

Saha sawarnining lawé, dibuang bethik sapamunggilanipun, semèn-semèn, sinjang lurik, pandelegan, sinjang sesekaran sawarninipun.

Sadaya wau tindhihipun emas, salaka, suwasa, tembaga,