Kaca:Babad Solo.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
123


Wawratipun namung tindak sawarni tanpa waton makaten, suprandéné lestantun tumindak saé : boten naté wonten pesulayan utawi kisruh. Langkung-langkung ngantos prakawisan dumugi paréntah saya boten naté wonten babar pisan.

Pagantosen Pacinan ugi wonten, nanging tiyang Jawi taksih awis-awis ingkang anggentosaken dhateng pegantosan Pacinan.

Kejawi punika pagantosan pomahan ingkang dédé baku tukang gantos inggih sangsaya kathah. Lampah cepeng cinepeng barang sarana nyambut arta mawi sareman ing pandi-mundi kampung jaman samanten kalampah senget, boten wonten pekèwedipun.

Jaman samanten boten wonten singkèk mindringen ingkang mlebet dhateng kempung-kampung kados ing tahun 1930. Singkèk-singkèk wau ingkang potang dintenan mawi sareman ingkang sakalangkung awrat, sabanipun namung ing peken-peken sarta ing warung-warung kémawon. Dados sasaranipun namung para bakul.

Rakyat ing pakampungan boten kelimrah nyambut dhateng singkèk mindring, awit ngupadosipun betah pedintenan sampun gampil dhateng sasamining rakyat kempung piyembak, sarana nyepengeken barang utawi griyanipun kanthi sareman ingkeng mayar. Para abdidalem sampun dipun sadhiyani nyambut dhateng Pakempalan Bandha Laksana. (kaca 121)


  • DILAH SEWU

Ing Pandhapi Ageng Mengkunagaran, Paringgitan saha ing Dalem Ageng dilahipun (lampunipun) sami wedalan Eropa, karan dilah krun. Sakrompol-krompolipun wonten 40 durugi 50 urub, mangka ingriku wonten pinten-pinten dasa krompol. Nalika samanten dilah listrik dèrèng wonten.

Ing sajawining Pura Mangkunagaran, bilih nuju wonten damel, ing pinten-pinten panggénan sami kapasangan krun utawi gapura ageng-ageng. Ing sisih ngajeng lan wingkingipun dipun tancebi dilah-dilah gelas papak kandel ingkang kaisènan lisah kacang. Ing saben krum/gapura saking ngandhap dumugi puncak nginggil wonten pinten-pinten atus urub ; mila lajeng karan : Dilah sèwu.