Kaca:Babad Solo.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

122

saka Semarang, namanipun "Slompret Melayu". Déné ingkang mawi basa Walandi kawedalaken ing Surabaya, namanipun "Soerabajasch Handelsblad".

* PAGANTOSAN JAWI

Jaman samanten kathah pagantosan (Pegadaian) Jawi: ing peken-peken lan ing pakampungan wonten pinten-pinten panggenan. Tiyang gadhah pawitan f 50,- (sèket rupiah) dumugi f 100,- sampun saged bikak pagantosan. Padamelan punika limrahipun dipun sambi kaliyan sesadéyan tetedhan utawi barang-barang kabetahan balé griya.

Jaman samanten gentos (= usaha pegadaian) punika boten kenging pajeg, boten perlu lapur, lan boten sisah nyuwun idin dhateng Pamarintah.

Ingkang gantos wonten ing peken, ing wanci énjing bikak tunggil bangonipun tiyang sesadéyan - sonten kukut; barang-barang gantosan kabekta mantuk. Sadaya pagentosan boten mawi buku, boten mawi serat-seratan; ingkang anggantosaken boten mawi cepengan punapa-punapa, dados ing pundi kemawon cekap namung endel-endelan kémawon.

Déné pèngetanipun sadaya tukang gantos namung satunggal, wulan kaliyan kathahing arta panggantos. Tanggal lan kathahing arta dipun tengeri mawi garit-garit potolot ing dalancang alit. Pengetan sasi/wulan-ipun mawi godhong godhongan, kadosta: wulan Sura tengeripun godhong SURUH ; wulan Mulud mawi godhong PULUDAN, wulan Sapar mawi NIPAH, Ruwah mawi godhong PISANG, wulan Pasa mawi godhong. PLASA, Sawal mawi godhong SAWO, makaten sapiturutipun ngantos wulan XII dipun damel ajeg tengeranipun.

Tengeran warni kalih wau sami dipun lebetaken wonten salebeting lempitan sinjang utawi barangipun gantosan. Lampahing sareman (rènte, bunga) maratah pétang dintenan; saben langkung satengah (= satengah rupiah = 50 sèn) dumugi sarupiah (100 sèn), sadintenipun sadhuwit 1 manawi satengah rupiah mangandhap, saremanipun namung sapalih arta utawi kalimrah karan: sigar (sabribil, sakbil ½ sen).