Menyang kontèn

Kaca:Babad Solo.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

10


Pala kasimpar, pala gumentung, pala adeg, saha seseka- ran ingkang wangi-wangi sinajèkeken rumiyin wonten ing Kadhaton énggal; per pandhita resi sapanunggilanipun sami mumuji astuti sadinten sadalu; luwar ing murudyas- tawa, sang Nata lajeng pindhah; sarawuhing Purantara lajeng bujana sagarwa putra wadyabala.

(II). Kaping kalih: Sang Prabu AJIPAMASA ing Kedhiri pin- dhah dhateng nagari Witaradya. Ingkang dados pindhah praja inggih punika tumpeng rarajengan, teges- ipun: tumpeng sèwu iji şinungan ulam suku sarta ulam dharat, ulam lèpèn, ulam rawa, ulam benawi, ulam mabur (bangsaning peksi), jajanganan warni-warni, wewah was- tra (sinjang) titigasan (anjar). Sereng pindhah Karaton inggih andrawina sawadyabalu.

(III). Kaping tiga: Prabu DEWATACENGKAR ing nagari Men- dhangkamulan kilèn, pindhah dhateng Mendhangkamulan wé- tan. Sarananipun inggih sami kaliyan panjenengan keka- lih wau, namung kewewahan gecok mentah, kapasang sadaya ing pojok Kadhaton saha prapataning margi ageng-alit. Tutupipun inggih bujana.

(IV). Kaping sekawan: Prabu BANJARANSARI ing Pajajaran pin- dhah dhateng Galuh, saranipun pindhah nagari kados pa- ra Nata wau, namung wewah: Sang Nata kaliyan pranèswari- nipun ngagem busana titigasan (anyar) kados déné pangan- ten dhaup, tuwin rerenggan turut margi; sarta sadaya Na- yaka, para Satriya sapanunggilanipun sami sarimbitan sa- daya, ngrasuk busana kados déné pangantèn sapeken. Tu- tuping pindhah inggih amangun suka."

Telas aturipun Tumenggung Tirtawiguna kaliyan Pangéran Wijil, Ingkang Simuwun karenen ing panggalih lajeng ngan- dika: "Hèh Tirtawiguna lawan Pangéran Wijil kang dadi ku- piyaning Nata ngalih kedhaton; catur narendra mau ing- sun amuwuhi unton-unton sarta raracikan lan rarajungan."

Ingkang dados kersa-dalem sampun kadhawuhaken sadaya. Naya- ka kekalih jumurung ing karsa Nata, lajeng kadhawuhaken dumateng Adipati Pringgalaya kapranata ing nageri.

Ingkang dipun rumiyinaken alih-alihan: 1) kagungandalen ..os pantun; 2) saubarampénipun pawon isi bumbu-bumbu sapa-