Kaca:Babad Solo.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
115

kang taksih timur-timur, tarkadhang dipun selani Kalawija kanggé dhagelan.


  • TOKOH SENI KANGJENG GUSTI MANGKUNAGORO 1V

Kangjeng Gusti Mangkunagoro kaping IV — ingkang séde tahun 1881 -kathah saha warni-warni yayasan-dalem.

Iyasan-dalem gangsa nama Kyai Mardiswara punika gangsa kalenèngen sengganèn mawi bonang ageng-alit jengkep. Wilahipun sadaya gangsa lembaran lingiran tenpa pencu; dalah gong kempul tuwin kenongipun ugi makaten. Seboboting namung gangsa kalenèngen kawangun sengganèn, waragadipun ngantos pinten-pinten èwu, amargi kajawi langkung awig panggarapipun, bumbunganipun punika gelas biru sepuh welingan saking Eropa sadaya, racakipun regi f 25,- satunggal bumbung, mengka sadaya rancakan — kajawi gambang — mawi bumbung gelas. Tabuhipun sadaya mawi karèt.

Iyasan garapan ing ngarsedalem kadosta ringgit wacucal madya cacahipun kirang langkung 360 iji, sadaya mawi ciri M.N. IV.

Yayasan-dalem lelangen wirèng werni-warni: gendruk seruaben abdidalem metengen, kalenèngan sendhon langen swara sapanunggalipun.

Kegungandalen barang-barang ingkang wonten ing Pura ingkang kathah wedalan utawi demelen Eropa, Kadosta sawarnining servis/bola-pecah pengunjukan, servis dhahar, bebut, kursi baludru, titihan keréta, dilah, sawarnining papasrèn, praboting kapal titihan, kapal rakitan tuwin barang sanès- sanèsipun, kathah sanget ingkeng kaparingan tetenger aksora latin M.N. IV minangka cekakaning asma-dalem, kinurung sekaran kaistha pari sawuli, inggingil mawi gambar makutha krajan.

Abdidalem palados kadosta jayèngan, rengga, tukang lampu sapanunggilanipun padintenanipun mawi sandhangan toro kurasi jené/kuning, udhengipun wulung, clana pethak lemes, minangka kanggé ngladosi kaliyan lampah dhodhok. Nanging saben pasamuan pista dhansah sasaminipun, panganggénipun mentèringan: udheng wulung, jas ijem bis jené, clana pethak setlikan, cacahipun wonten 300-an.