Kaca:Babad Solo.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
114

 MELANGEN BADHAYA KALIYAN SARIMPI

Awit jaman kina para nata Jawi punika kalangenanipun ingkang mesthi inggih namung Badhaya kaliyan Sarimpi. Manawi badhaya ingkang ambeksa cacahipun 9, déné manawi sarimpi namung 4.

 Menggah ingkang dados badhaya utawi sarimpi punika tarkadhang tiyang alit kémawon ananging ingkang sulistya ing warni, tarkadhang putrinipun para leluhur. Malah putri dalem ingkang dèrèng krama ugi asring dados badhaya utawi sarimpi, manawi ing lebet karaton nuju wonten damel kadosta tingalen-dalem utawi nuju pasamuan sanésipun.

 Manawi Ingkang Sinuwun sampun lenggah manggihi para tamu, ingkang medal rumiyin kalangenan-dalem badhaya. Beksa badhaya tuwin sarimpi punika béda sanget manawi katimbang kaliyan jogèdipun talèdhèk, awit gendhingipun beksa badhaya kaliyan sarimpi punika gendhing ageng, inggih punika ingkang dipun wastani gendhing Katawang. Manawi jogèdipun talèdhèk gendhingipun prenès.

 Pramila para nupiksa ingkang dèrèng naté sumerep, sampun ngantos anggadhahi panginten bilih badhaya tuwin sarimpi punika kalebet golonganing talèdhèk déné sami pawèstri ingkang anjogèd. Oh la tebih sanget sungsatipun.

 Badhaya tuwin sarimpi punika namung lugu kalangenan dalem, boten kénging medal saking karaton, kajawi manawi andhèrèk tedhak-dalem pepara dhateng pasanggrahan utawi miyos dhateng dalem Résidèn manawi pinuju pista taun Raja.

 Menggah anggènipun putrining para luhur tuwin putri dalem sami kadadosaken sarimpi, punika angluluri para luhur ing jaman kina. Pawèstri sami kapredi dhateng beksan punika supados sageda anambahi prigel dhateng solah bawa. Pawèstri ingkang sampun prigel solah bawanipun, sampun tamtu angresepaken manah. Awit saking punika para luhur ing Surakarta — kakung putri — sadaya mèh naracak sami anggilut dhateng olah kridhaning kaprigelan punika.

 Kajawi kalangenan-dalem badhaya tuwin sarimpi, wonten malih kalangenan-dalem wirèng warni-warni kadosta: wirèng dhadhap, beksan panji, beksan lawung sarta pethilan ringgit tiyang lan sanèsipun. Ingkang dados wirèng wau ingkang kathah putra-dalem tuwin putra kaponakan-dalem kakung ing-