Kaca:Babad Solo.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
113

nika manggihi Bandara Radèn Mas Tandhakusuma, putranipun Kangjeng Gusti kaping IV.

 Tuan Godlieb gadhah atur kapingin badhé misungsung lelangen ingkang prayogi kagem wonten ing ngarasdalem. Tuan Godlieb punika juragan ingkang sugih arta, dados bab waragad boten badhé karépotan.

 Bandara Radén Mas Tandhakusuma — satunggaling ahli beksa ing Pura Mangkunagaran — ngandika dhateng tuan Godlieb: "Wah kaleresan sanget sudara, saking pamawas kula lelangen punika saénipun katindakaken déning para pawèstri kémawon."

 Aturipun tuan Godlieb: “Berah ingkang sami mbathik punika tiyang èstri sadaya. Mangga kula aturi milih pundi ingkang prayogi dipun dhapuk dados pambeksa."

 Sareng sampun pinanggih pamilihipun, saweg dipun wiwiti ajar tembang-tembangipun, kalatih amrih sageda sami apal dhateng lagu-laguning tetembangunipun, saha apil dhateng cakepanipun.

 Sareng sampun lumampah sawatawis wulan, katingal sampun saé caranipun nglagokaken tetembanganipun; lajeng dipun tambahi jogèdipun.

 Sareng sampun watawis satunggal taun, sarta sampun kacobi rumiyin lan katingal sampun prayogi dipun pamèreken, saweg dipun pisungsungaken ing ngarsadalem Kangjeng Gusti ingkang kaping IV.

 Nalika samanten beksan langendriyan punika ingkang ambeksa nindakaken sarana lampah dhodhok, sabab jogèd punika persembahanipun tiyang alit dhateng ratu gustinipun.

 Kangjeng Gusti sasampunipun pirsa lelangen punika, sanget kapranan. Saking kapranan-dalem dhateng lelangen beksan punika, lajeng kapareng ngéwahi saking sakedhik, pundi ingkang perlu dipun luwesaken.

 Ing wasana saking kaparengdalem, beksan langendriyan punika wau lajeng kapundhut dados lelangan-dalem wonten ing Pura Mangkunagaran.

 Salajengipun sareng sampun dados lelangen-dalem ing Pura, jogèdipun lajeng kasantunan boten sarana lampah dhodhok lajeng lenggah sami tetembangan, nanging kadhawuhan njogèd kanthi ngadeg miturut punapa mesthinipun tiyang ambeksa punika. Dados miturut carios, lelangen Langendriyan punika mulabukanipun katindakaken déning berah bathik ing Kadipala, ingkang nampi pimpinan saking BRM Tandhakusuma.