Kaca:Babad Solo.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
112

 Dumugi sapriki sampun boten wonten tiyang ingkang damel tetinggalan langendriyan, kajawi namung kanggé barangan turut margi dhusun, kawujudaken barengan kados réyog nawi jaran képang kaliyan nyepeng penthung. Lampahanipun Damarwulan perang kaliyan Ménak Jingga, kairingakeun Dayun. Ginemunipun mawi tetembangan. Sawenèh ingkang njogèd jaler èstri mawi tetembangan. Sawenèh ingkang njogèd jaler èstri sami nganggé kacamata.

 Langendriyan ingkang kanggé selingan ringgit tiyang barongan ingkang kalampahaken wonten ing panggung, ugi kirang angsal kawigatosan. Ing wekasan lajeng namung kapendhet lagu uran-uranipun kémawon, dipun cakaken kanggé nyelingi ginemipun wayang wong manawi nuju sumbar-sumbaran.

 Lajeng ngantos sapriki wayang wong manawi sumbar sumbaran utawi gandrung-gandrungan dipun sukani tetembangan kados ginemipun ringgit tiyang Langendriyan.

 Malah kethoprak ugi tumut tiru-tiru nawi tetembangan. Ing sakawit ringgit tiyang punika ginemipun ugi mligi miturut punapa ingkang dipun keliraken wonten ing ringgit wacucal, dados inggih boten mawi tetembangan.

 Menggah miturut cariosipun, ingkang nganggit beksan Langendriyan ngantos sa-lampahan punika Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta. Ngantos sapriki taksih dipun pepetri; saben dinten Rebo énjing wiwit jam 10 dumugi jam 12 siyang dipun wonteni gladhèn beksan Langendriyan kanthi tetembanganipun ing Pandhapi Ageng Pura Mangkunagaran.


  • MULA-BUKANIPUN WONTEN LANGENDRIYAN

Kacarios, menggah mule-bukanipun wonten lelangen ingkang wastanipun *) punika saking juragan bathik bangsa Eropa pranakan Jerman, nama tuwan Gotlieb, ingkang gegriya ing kampung Kadipala.

 Piyambakipun sugih pangobèng tiyang èstri ingkang sami berah mbatik ing griyanipun, ingkang keran pabrik bathik Godliban.

 Nalika jamanipun Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagoro IV (1853-1881) ingkang saweg kasengsem damel lelangen beksan Wirèng warni-warni, tuan Godlieb pu-

  • ) Langendriyan